Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

KEDUWUNG

135

mengkono! Iku minangka ukumané enggoné gawé ketjuwanku!”

Mengkono manèh Judas ija nggagas: „Wah mesṭiné ora nganti Gusti Jésus kapatrapan ukum pati, awit luputé ora sepiraa aboté. Malah satemené Pandjenengané ora naté nindakaké kaluputan. Pandjenengané tjeṭa jèn resik tanpa dosa .... Upama diukuma, mesṭiné mung diukum kundjara, nanging ora bakal diukum pati .... Djalaran Pandjenengané iku resik, keprijé bisané kelakon kaukum pati?”

Nanging swaraning atiné saja suwé saja tjeṭa dadi panggugat marang Judas: „Pandjenengané iku resik tanpa luput, sutji tanpa dosa! Pandjenengané kapatrapan paukuman sing dudu mesṭiné .... Kelakoné mengkono iku marga saka panggawému. Judas!” Dadiné Judas saja suwé saja kuwatir.

Bareng tekan waktuné para ulama paḍa ngadeg bebarengan kambi ngutjap: „Kasingkirna tijang Nasarèt punika! Tijang punika dosa pedjah!” .... Judas bandjur klépat lunga, metu saka ing dalemé imam agung, geter atiné déning wedi kang banget.

Tjeṭa pangrunguné Judas marang karampungané pradata: „Wong iku kudu kaukum pati!” Lan Judas ija ngrungu tjeṭa panggugat sing ana ing atiné déwé: „Saiki Gusti bakal disédani! Iku marga saka trékahmu!” Dadiné Judas banget enggoné keduwung. Nanging saiki keprijé supaja Gusti adja nganti kelakon disédani? Karampungané pradata kudu dibatalaké! Wah, saiba tjilakané jèn Gusti nganti disédani!

NALIKA semono para pangarepé imam lan para pinituwa isih paḍa ana ing padaleman sutji. Wis paḍa lega atiné, djalaran wis ana karampungan ingatasé Gusti Jésus. Saiki mung kari ngentèni palilahé Pilatus sing djumeneng bupati. Lan sawisé iku .... Wah, jèn sing dadi klilipé, jaiku Rabbi saka Nasarèt, iku sirna, saiba senengé, awit saumat kabèh bakal paḍa nggatèkaké maneh marang piwulangé para ulama lan para pangarepé imam lan para pinituwané bangsa; angger wis mati, seḍéla baé anaké tukang kaju saka Nasarèt iku mesṭi ora kotjap manèh .... Wosé wong iku kudu disingkiraké!

Nalika isih paḍa ngudarasa mengkono mau, dumadakan ana wong teka, menggèh-menggèh ambekané, gumeter awaké sekodjur lan mripaté pendirangan ngawasaké para imam kaja wong arep ndjaluk tulung .... wong mau djebul Judas!

Judas wis ora merduli apa tekané mau dianggep ngungkak krama utawa ngribedi para ulama mau, awit atiné selak ora sabar déning kabereg ing wedi .... Getun lan keduwung wis ora kamot ana ing atiné. Ḍuwit opahé enggoné laku tjidra krasa panas kaja wangwa baṭok ana ing gémbolané. Ana ing ngarepé para ulama mau Judas ngutjap mengkéné: „Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken.”

Para imam mau sanalika kagèt. Getihé wong resik? .... Nanging para imam mau mèlu-mèlu apa? Jèn wis diputus déning pradata, mesṭiné ija ora tanpa kaluputan .... Déné wong sing katon wedi banget nganti gumeter awaké sakodjur iku, ana gawéné apa teka mrono? Para imam lan para ulama ora mèlu-mèlu ing prakarané! .... Sing dadi underaning prakara rak mung bab sirnané Jésus Nasarani sing dadi klilip! Déné Judas, apa perlu ndadak dipaèlu udjaré?

Wong-wong mau mung paḍa mèsem lan gumuju ngrungu udjaré Judas. Déné Judas banget pangungsedé supaja karampungané pradata mau dibatalaké lan Gustiné tumuli diluwarana, ambal-ambalan aturé: „Sampun ngantos tijang punika dipun ukum pedjah, awit boten kadunungan lepat. Sampun ngantos sami ngwutahaken rah resik!” Atiné Judas ora bisa djendjem, rasané kaja sinebit-sebit, djalaran rumangsa dadi djalarané sangsara lan sédané Gusti Jésus kang tanpa dosa ....

Nanging Judas mung digeguju déning para ulama. Iku rak luput lan boḍoné ḍéwé wani ngulungaké Guruné. Judas rak tanpa diundang tekané ngaturaké kasaguhané, apamaneh Judas ija wis nampani opahé ḍuwit telung puluh sèkel! Dadiné saiki para imam mau mèlu-mèlu apa karo ḍéwèké?

Udjaré Judas: „Kula damel dosa, déné rah resik ingkang kula ulungaken.” Nanging wangsulané ulama kabèh: „Aku perduli apa? Iku kowé ngrasakna ḍéwé. Saiki wis kasèp, apa sing diputus déning pradata ora kena dibatalaké manèh!” Ngrungu wangsulan mengkono mau, atiné Judas rasané kaja ditotog ing alu, ilang pangarep-arepé enggoné arep ngresikaké awaké. Jèn Gustiné sida kaukum pati, ing salawasé atiné ora bakal pulih djendjem manèh, swaraning atiné mesṭi tanpa kenḍat nggugat awaké ḍéwé: „Judas, kowé gawe dosa, ngwutahaké getih resik! Kowé sing luput!”

Ḍuwit opahé keprijé? Ḍuwit patukoning getih resik iku ing salawas-lawasé bakal mbrongot uripé. Ḍuwité mau bandjur arep dibalèkaké marang para pangarepé imam lan para ulama, nanging ora ditampani, mulané bandjur diuntjalaké déning Judas ing ngarepe wong-wong mau ana ing padaleman sutji. Kumrompjang swarané ḍuwit telung puluh sèkel selaka ana ing djubin bandjur ngglinḍing menjang ngendi-endi ....