Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

134

KEDUWUNG

***

wis konangan ing parekan lijané, bandjur dielokaké ana ing ngarepé wong sing paḍa ana ing kono: „Wong iki ija mèlu Jésus Nasarani!” Nanging Pétrus mangsuli: „Napa? .... Kula niki dédé muridé. Kula boten wanuh ing wong niku!” Mengkono iku dadiné wis kaping pinḍo enggoné Pétrus njélaki Gustiné.

Nanging ora antara suwé Pétrus konangan sawidjining panunggalané para abdiné imam agung, malah isih kalebu sanaké Malchus sing keperung kupingé déning peḍangé Pétrus. Wong mau bandjur njlaṭoni Pétrus, udjaré: „Napa kula boten weruh dika wau onten ing patamanan, mèlu wong niku? Dika niku enggih panunggalané wong Galiléa, ketara saka tjanṭenan dika.”

Saiki Pétrus rumangsa kepèpèt. Atiné geter déning wedi. Keprijé akalé murih adja nganti konangan jèn dadi muridé Gusti Jésus? Jèn nganti konangan, mesṭi bilai awaké. Pétrus ora bisa polah manèh kedjaba mung ngantepi enggoné sélak. Malah saiki enggone sélak nganggo njupatani awaké ḍéwé lan klawan sumpah mangsuli karo nepsu: „Pripun ta dika niku? Kula dédé panunggalané, tur kula boten wanuh ing wong niku!” Enggoné nganti njupatani awaké ḍéwé lan sumpah iku pamurihé supaja wong akèh paḍa gelema ngandel jèn Pétrus mau pantjèn dudu panunggalané sekabaté Gusti Jésus .... Sing dipikir mung kaslametané awaké ḍéwé, babar pisan ora ngélingi kasetyan lan katresnané Guru lan Gustiné. Mengkono iku seḍéla baé Pétrus wis njélaki Gustiné nganti ping telu lan sanalika ana djago kluruk.

Bareng Pétrus krungu kluruké djago, bandjur lagi kèlingan enggoné dipangandikani Gusti Jésus: „Kowé apa bakal ngetohaké njawamu nglabuhi Aku? Satemen-temené pituturku ing kowé: „Ing dina iki bakal ora ana djago kluruk, sadurungé kowé njélaki Aku nganti ping telu.”

Saiki Pétrus ngerti sepira geḍéning kaluputané déné wis njélaki Gustiné nganti ping telu, Gustiné sing arep dibelani senadjana nganti mati. Wah iba wirangé jèn ngélingi enggoné meṭènṭèng arep nglabuhi Gustiné nalika durung ana bebaja, nanging ngutjira bareng bebaja njeḍaki. Sing dirasa kebangeten alané, déné wis njélaki Gustiné, mangka enggoné sélak nganggo nglairaké supata lan sumpah!

Pétrus ingak-inguk nggolèki Gustine. Upama wania, Pétrus arep njeḍak bandjur ngrungkebi padané Gusti njuwun pangapura lan pitulungan kaja nalika ana ing tengahé segara ing wajah bengi .... Nanging saiki ora bisa, djalaran saiki Gustiné wis adoh, malah bokmenawa ing salawas-lawasé ora bakal ketemu manèh. Upama ketemua, apa Pandjenengané isih kepareng disowani lan disuwuni pangapura déning murid sing wis njélaki Pandjenengané nganti ping telu?

Nalika semono mbeneri Gusti Jésus diḍabjang medal saka ing omahé Kajafas, Gusti minger seḍéla menjang ing palataran ningali Pétrus sing mentas sélak nganti ping telu. Ora ana wong sing ngerti apa sing ditingali mau kedjaba Pétrus ḍéwé.

Mengkono uga Petrus ija weruh tingalé Gustine enggoné ningali awaké klawan ngembeng trenjuh lan welas. Pétrus krasa kaja diḍoḍog atiné .... Sadjroné nanḍang sangsara mengkono Gustiné ora négakake sekabaté, isih dièngeti klawan sih kadarmané, senadjan sekabat mau ora mantep kasetyané.

Wusanané Pétrus bandjur énggal lunga metu menjang panggonan sing peteng, bandjur ngambruk nangis kelara-lara. Ora lèrèn-lèrèn enggoné sesambat marang Gusti Jésus: „Ḍuh Gusti, kawula saèstu sampun damel sekeling galih Tuwan saha ageng dosa kawula wonten ing ngarsa Tuwan. Ḍuh Gusti, kawula ingkang rumaos saged nganḍemi kasetyan kawula ḍumateng Tuwan, samangké sampun boten sembada babar pisan dados abdi Tuwan. Ḍuh Gusti, dosa saha kalepatan kawula punika saèstu kawula getuni .... mugi-mugi Gusti kepareng ngapunteni kalepatan kawula punika!”

GUSTI Jésus kaḍabjang bakal kaladosaké. Ora kenḍat-kenḍat Pandjenengané dipilara lan dipepojok déning satruné lan wong akèh ....

Pada ana ing endi para mitrane?

Judas njidra Pandjenengané.

Sekabat lijané paḍa ninggal Pandjenengané.

Pétrus njélaki Pandjenengané malah nganti ping telu.

Semono enggoné Gusti Jesus nanḍang kawelas-asih!

KEDUWUNG

KOTJAPA Judas .... ngetut-buri lakuné grombolan sing nḍabjang Gusti Jésus saka ing patamanan Gètsémané menjang ing dalemé imam agung.

Judas sing ngulungaké Gustiné bisa nungkuli ḍéwé enggoné Gusti Jésus dipriksa prakarané déning pradata ....

Sasuwéné ngrungokaké Judas tansah mikir-mikir ing sadjeroning ati: „Djenèh Gusti ora kersa maringi kasugihan lan kadradjatan marang aku! Pandjenengané satemené bisa, nanging généja ora kersa? .... Luputé ḍéwé nganti dibanda lan diḍabjang-ḍabjang kaja