Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

„KOWÉ APA BAKAL NGETOHAKÉ NJAWAMU NGLABUHI AKU?”133

déné kok ana wong wani ngutjapaké panjenjamah marang Allah kang Maha Agung. Pangandikané imam agung Kajafas: „Gawéné apa isih nganggo seksi? Sampéjan sampun sami mireng enggènipun njenjamah. Kadospundi panimbang sampéjan?” Atur wangsulané wong akèh: „Tijang punika kumapurun njenjamah ḍateng Allah, mila kedah kasingkiraken. Tijang punika dosa pedjah!” Wong-wong sing ana ing kono, para pangarepé imam, para ulama dalah para wong sikep gegaman sing njekel Gusti Jésus, kabèh paḍa ngebjuk, ana sing ngidoni, ana sing mbiṭèni, ana manèh sing nutupi wedanane bandjur napuk kambi tjelaṭu: „Mara peṭèken, sing napuk kowé iku sapa? Ing sadjroné disawijah lan disija-sija mengkono iku Gusti Jésus mung tansah kèndel. Pandjenengané nanḍang prihatos lan gerah, éwadéné ora kelair pasambaté. Pandjenengané pantjèn wis sagah nanḍang sangsara lan sagah njanggi paukumané wong dosa, dalah paukumane wong-wong sing paḍa milara lan niksa sarirané.

SAWISÉ mengkono Gusti Jésus bandjur diḍabjang metu saka ing omahé Kajafas. Wajahé wis bangun ésuk. Para pangarepé imam karo para pinituwa lan para ulama, jaiku sapepaké pradata wis paḍa gawé kakenṭelaning rembug, nanging isih kudu njuwun kakantjinganing pradata sing luwih luhur, jaiku sing dipangarsani déning bupati Rum Pilatus, djalaran pradata Jahudi ora diwenangaké mutus prakara ukum pati. Senadjan tumrapé para pangarepé bangsa Jahudi mau dirasa njengkal ing ati, déné isih kudu njuwun karampungan saka ngarsané Pilatus, éwadéné wong-wong mau ora wani nglirwakaké pangadilané bangsa Rum sing lagi njekel pangwasa ana ing tanah Jahudi. Dadiné Gusti Jésus bandjur diḍabjang kaladosaké marang dalemé Pilatus.

Senadjan prakarané durung rampung, éwadéné wekasané Rabbi saka Nasarèt sing paḍa digeṭingi iku mesṭi bakal nemahi mati. Embuh keprijé mergané, waton wong iku mati, mesṭi bakal ilang klilipé .... Saiki durung tekan waktuné!

NALIKA Gusti Jésus diḍabjang metu saka ing omah, Pandjenengané minger seḍéla menjang ing palataran sing tengahe ana beḍijangé, dikepung wong sawetara sing paḍa gegenèn. Pandjenengané minger mung seḍéla, wong-wong paḍa ora ngerti apa sing ditingali, nanging tingalé Gusti Jésus ngembeng prihatos lan sih piwelas ....

„KOWÉ APA BAKAL NGETOHAKÉ NJAWAMU NGLABUHI AKU?”

KATJARITA nalika Gusti Jésus katjepeng sarta kaḍabjang medal saka ing patamanan Gètsémané, para sekabat paḍa lumaju kabèh ninggal Gustiné, ora ana sidji-sidjia sing kari ....

Nanging .... nalika Gusti Jésus diaḍepaké ing ngarepé pradata ana ing dalemé Kajafas, ana sekabat loro sing paḍa ngoḍol tinḍaké Gusti Jésus nganti tekan ing palatarané dalemé imam agung. Sekabat loro mau Jochanan lan Pétrus. Jochanan wis wanuh karo sing djaga régol, mulané bandjur mlebu ing palataran kambi ngadjak Pétrus. Sawisé paḍa mlebu bandjur paḍa lungguh awor karo para abdi, arep weruh kadadéjané Guru lan Gustiné sing paḍa ditresnani.

Dumadakan ana parekan njeḍaki Pétrus karo ngutjap mengkéné: „Dika rak enggih mèlu karo Jésus wong Galiléa niku ta?” Nanging Pétrus sélak ing ngarepé wong akèh: „Napa?. Kula boten ḍenger kang dadi udjar dika niku!” Ngutjap mengkono iku karo mlaku ndjudjug menjang ing régol, gagasané luwih betjik metu baé katimbang ana ing panggonané wong akèh, awit jèn nganti konangan, bisa dadi gawé. Jèn ana ing petengan, rak luwih kepénak, bisa weruh apa sing kelakon ora nganggo sumelang jèn konangan. Mengkono gagasané Pétrus, wis lali babar pisan jèn durung suwé kepungkur mentas mundjuk marang Gusti Jésus: „Senadjan sadaja sami ngantosa ketjuwan krana Tuwan, kawula mesṭi boten ketjuwan ing salaminipun.” Nalika Gusti Jésus ditjepeng, Pétrus ija mèlu mlaju. Nanging wekasané bandjur getun déné kok melu-mèlu mlaju kaja sekabat lijané. Saiki kakendelané wis pulih, bandjur wani ngoḍol Gustiné nganti tekan ing palataran. Malah wani awor lungguh karo para abdi lan para pradjurit gegenèn ing satjeḍaké beḍijang sing ana ing palataran, awit hawané atis. Saka ing kono Pétrus bisa ngulataké Gusti Jésus sing ana ing penḍapa ing ngarepé pradata. Nanging tjilakané, wong wadon parekan mau kok ndadak njela-njela takon, apa dadi panunggalané Gusti Jésus .... Pitakon sing ndrawasi. Jèn pradjurit sing ana ing kono paḍa ngerti, ora wurung Pétrus mesṭi bakal katut ditjekel lan dibanda. Mulané Pétrus bandjur sélak, awit apa alané dora sembada murih slameté awaké! Nanging senadjan kena dianggep dora sembada, Pétrus tetep wis njélaki Gustiné kaping sepisan.

Panggonan ing palataran satjeḍaké beḍijang pantjén mbebajani tumrap Pétrus, mulané énggal-énggal arep lunga saka ing kono. Lagi baé djumangkah marani régol arep metu,