Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

128

JUDAS LAKU TJIDRA MARANG GUSTINÉ

apa-apa, nanging katresnané wis bisa gawé ledjaring galihé. Sarawuhé ing kono, sekabat telu mau paḍa ketemu lagi turu. Ing sasuwéné Guru lan Gustiné kapetek déning sungkawa lan giris, para sekabat paḍa ngénak-énak turu .... Mangka enggoné Gusti Jésus nanḍang sangsara rak kanggo mitulungi para sekabat mau, lan ija wong-wong lijané ing Jerusalèm, sing paḍa turu lan ora ngerti apa-apa mungguh pananḍangé Gusti Jésus ing bengi iku, lan uga kanggo mitulungi wong sadjagad kabèh sing tanpa wilangan tjatjahé sing paḍa durung wanuh marang Gusti Jésus. Pandjenengané enggoné nanḍang sangsara iku mung kanggo mitulungi wong sadjagad, mangka nalika semono ora ana sing ngerti lan ora ana sing ngélingi Pandjenengane, dalah para sekabaté ija paḍa ora nglegéwa.

Sekabat sing paḍa turu mau bandjur digugah, sarta ngeres pangandikané: „Apa kowé paḍa ora kuwat ngréwangi Aku melèk sadjam bae?” Kang diḍawuhi mengkono iku paḍa meneng baé djalaran kewirangan karo Gustine, ora sembada babar pisan karo kasaguhané arep sabaja-pati nglabuhi Gusti Jésus.

Sekabat mau bandjur pada ditilar manèh kaping pinḍoné. Pandjenengané ndedonga manèh njuwun pitulungan lan kakuwatan marang Sang Rama. Pandjenengané wis sumarah klawan lega lila nanḍang sangsara, nglampahi séda, karana ngrembat dosaning djagad, éwadéné ing sadjeroné kapetek ing giris sing dudu sabaené, Pandjenengané njuwun marang Sang Rama supaja kasantosakna enggoné nḍèrèk ing sakarsané. Prakara kang nggegirisi iku kudu kaleksanan, jaiku margané manusa bisa kapitulungan slamet lan kasowanaké manèh marang ngarsané Allah. Aturé Gusti Jésus ana ing pandonga: „Ḍuh Rama kawula, menawi tuwung punika boten kénging sumingkir saking kawula kedjawi kawula ombé, inggih sumangga ing sakarsa Tuwan.”

Sawisé mengkono Gusti Jésus bandjur rawuh manèh ing panggonané sekabat, sing paḍa kaḍawuhan ngréwangi melèk, nanging paḍa ketemu turu manèh, djalaran mripaté mblijut. Wah, mèmper baé jèn paḍa keturon, djalaran awaké sajah, atiné seḍih tur ora muḍeng apa sing ndjalari Gustiné nanḍang sungkawa lan giris.

Sekabat mau bandjur ditilar tindak manèh ndedonga kaping teluné. Saking bangeté enggoné nanḍang giris, lan saking banteré enggoné mbatek ing pandongané, riwéné dléwéran nganti kaja tètèsing getih rumentah ing bumi .... Ing salumahing djagad durung tau ana djanma manusa sing semono pananḍangé déning giris kajadéné Gusti Jésus, apadéné durung tau ana sing nanḍang prihatin kang banget kongsi kaja ndadekna mati kajadéné Gusti Jésus.

Dumadakan ana pepaḍang tjumlorot ing tjelaké Gusti Jésus, malaékat saka ing swarga kautus njantosakaké galihé. Wusanané Gusti Jésus klawan tatag mundjuk marang Sang Rama: „Namung karsa Tuwan kalampahana!” Undjuk mengkono iku dadi uluk-uluking kaunggulan, unggul saka sakèhing geter lan giris. Gusti Jésus bandjur djumeneng saka enggoné ndedonga, lan murugi sekabate, tindaké nglangak pinḍa satrija kang mentas unggul ing juda, ora bakal kéguh déning pantjabaja kang tumempuh .... Pandjenengané wis njarahaké sarira diwadalaké minangka panebusing djagad.

Semono enggoné Allah ngasihi marang djagad kongsi masrahaké Kang Putra ontang-anting marang pangéwan-éwan lan pamojok. Semono enggoné Sang Djuru Slamet ngasihi marang manusa dosa kongsi sumarah disangsara lan disédani.

Sarawuhé ing panggonané para sekabat, Gusti Jésus bandjur ngandika: „Paḍa batjutna enggonmu turu lan ngaso; lah wus ndungkap waktuné Putrané manusa kaulungaké marang tangané wong dosa.”

Saiki para sekabat ora perlu ngréwangi melèk manèh. Perang batin ing patamanan Getsémané wis sirep.

Saiki Sang Djura Slamet wis ora ketaman ing giris manèh.

JUDAS LAKU TJIDRA MARANG GUSTINÉ

PETENGÉ wajah bengi lan njenjeting papan sepi ing patamanan Gètsémané dumadakan kebubrah déning kelap-kelaping obor sing diobat-abitaké lan gedebeging wong paḍa mlaku apadéné kumrintjinging gegaman gaṭuk paḍa gegaman. Para sekabat paḍa kaget, kumesar atiné bareng paḍa ngingetaké apa sing katon nekani saka ing kadohan. Ing kono Gusti Jésus bandjur ngandika: „Paḍa ngadega, pajo paḍa lunga; lah kang ngulungaké Aku wus tjeḍak!” Para sekabat bandjur paḍa njeḍaki Gusti Jésus, saiki lagi paḍa ngrasa jèn waktuné sing gawat wis tjeḍak. Tangane Pétrus énggal njanḍak peḍangé ....

Gedering swarané wong akèh saja suwé saja tjeḍak, urubing obor saja katon tjeṭa. Ana wong sikep gegaman sabregada ngepung panggonan kono. Gusti Jésus djumeneng ana ing tengah, bandjur madjeng. Saka ing antarané wong akèh dumadakan ana wong sidji ngantjap marang Pandjenengané, tangane kumlawé ngrangkul bandjur nutjup kambi undjuké: „Ngaturi salam, Rabbi!" Wong mau