Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

JUDAS

121

undjuké: „Ḍuh Gusti, kala punapa Pandjenengan dalem kawula tingali kerapan utawi kasatan, lelana utawi kelukaran, gerah utawi kinundjara, mangka boten kawula ladosi?”

Gusti ija bakal maringi wangsulan, pangandikané: „Satemené ḍawuhingsun marang sira: Sepira ora anané panggawénira mengkono mau marang seḍéngaha para kang tjilik déwé iki, ija iku ora ana panggawénira mengkono marang Ingsun.”

Déné wong-wong iku bakal paḍa lumebu ing siksa langgeng, nanging para wong sampurna paḍa lumebu ing urip langgeng.

PARA sekabat paḍa ngrungokaké klawan tumemen, lan saiki luwih tjeṭa panampané marang ḍawuhé Gusti Jésus mungguh ing angger-angger kang geḍé ḍéwé, kaja sing wis dipangandikakaké marang wong Farisi, mengkéné: „Sira tresnaa marang Pangéran Allahira diklawan gumolong atinira, lan gumolong njawanira, sarta gumolong budinira, apadéné klawan sakakuwatanira. Ija iku pakon kang luhur ḍéwé, déné kang kapinḍo kang paḍa uga kaja kang ngarep mau: Sira tresnaa ing sapepaḍanira dikaja marang awakira ḍéwé.

Mengkono manèh saiki dadi saja luwih tjeṭa tumrapé para sekabat, jèn Gusti ora kersa jasa kraton kadonjan, nanging jèn ing tembé Pandjenengané bakal rawuh manèh, bandjur djumeneng Ratu ngerèhaké djagad lan swarga.

Déné para sekabat lan wong-wong sing paḍa tresna marang Pandjenengané kaḍawuhan paḍa ngentèni klawan sabar mantep; lan paḍa kaḍawuhan tansah paḍa ḍangan tetulung marang seḍéngah wong kang ringkih lan asor, marang seḍéngah para kang tjilik, kang paḍa ditresnani déning Gusti pijambak.

Para sekabat mung paḍa njawang marang Gusti Jésus, seḍihing atiné ketara ana ing polatané. Gèk bésuk apa enggoné Gusti arep nilar para kagungané?

Senadjan katoné paḍa nganḍut seḍih, éwasemono isih ana pangarep-arep kang nuwuhaké kabungahan: ing tembé Gustiné, Djuru Slameté, bakal rawuh manèh lan bakal djumeneng Ratu, malah Ratuning kalanggengan!

JUDAS

ING wajah bengi ana wong mlaku mlipir-mlipir témboké omah ing Jerusalèm, nggoléki omah panggonané para pangarepé imam lan para ulama paḍa nglumpuk rerubukan enggoné arep njepeng lan njirnakaké Gusti Jésus. Wong mau wis kesurupan déning Iblis, mulané nggolèki omahé satruné Gusti Jésus. Atiné wis suwé ngenḍem sengit, ketara saka mripaté sing mantjereng. Wong sing apangawak Iblis mau djebul salah sawidjiné muridé Gusti Jésus sing djeneng Judas Iskariot.

Judas mau, paḍa kaja sekabat lija-lijané, kajata: Pétrus, Jochanan utawa Jakobus, ora éman ninggal barang darbèké kabèh, mung perlu arep nḍèrèk Gusti Jésus, nanging lelabuhé sing semono mau bakal ora ana pituwasé apa-apa. Saiki Judas wis jakin, djalaran wis bola-bali Gusti Jésus ngandikakaké apa sing bakal kelakon, malah wis wani nemtokaké, jèn Gusti Jésus bakal nemahi séda.

Sarèhné mengkono, atiné bandjur malih sanalika, ati sing wedi lan éring malih dadi sengit lan geṭing. Sing dadi iḍam-iḍamaning atiné larud kabèh .... Apa mengkono iku wekasané enggoné kepati-pati nḍèrèk Gusti Jésus apa mung dipurih neksèni enggoné arep séda? Lan jèn wis ditilar séda, keprijé nasibé Judas? .... Apa ora malah diwewada lan dipepojok déning wong akèh sarta dielokaké: „Lah kaé panunggalané muridé guru apus-apusan!”.....

O, sing kaja mengkono iku adja nganti kelakon!

Judas mau enggoné nḍèrèk Gusti Jésus nganggo pangarah supaja bisa olèh kasugihan lan kamuljan, malah bokmenawa bakal bisa olèh pangkat bupati ana ing tatanan kraton anjar samangsa Gusti Jésus kersa djumeneng ratu .... Lan gagasan mengkono iku ora klebu gagasan sing ngajawara, waton Gusti Jésus kersa tumandang. Mangka wis kebuktèn jèn, wong golongan paḍa saijeg arep ndjumenengaké ratu marang Gusti Jésus, nalika paḍa surak-surak lan gijak-gijak ngarak Gusti Jésus mlebu ing negara Jerusalèm klawan pamudji: „Hosanna! Hosanna!” ... Apa djalarané déné Gusti Jésus ora kersa minangkani sing dadi pangarep-arepé wong golongan, sing ija dadi pangarep-arepé Judas?

Iku mula bukané Judas ketuwuhan rasa geṭing marang Gusti Jésus, bosen ngrungokaké ḍawuh pangandikané bab tobat lan piduwung, bab kapratjajan lan katresnan .... Nanging Judas ora tau ngrungu bab kamuljan lan kasugihan sing tansah diiḍam-iḍamaké. Mulané Judas rumangsa ketjuwan. Nanging .. saiki arep mbudidaja bisané olèh pepulih....

Ing wajah bengi iku Judas ngglenes ninggal Guru lan kantjané paḍa sekabat lunga menjang ing parepatané para pangarepé bangsa Jahudi, ngaturaké kasaguhané enggoné arep ngulungaké Gusti Jésus; waton Judas dikanṭèni wong sikep gegaman sawetara, wis mesṭi Gusti Jésus ora bakal mrutjut saka ing