Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

KURANG SAWETARA DINA

117

salèm. Lan sapa-sapa sing teka ing Jerusalèm mesṭi paḍa nggolèki Gusti Jésus arep ngrungu piwulangé, awit durung tau ana Rabbi sing memulang kaja patrapé Gusti Jésus.

Nanging padaleman sutji ija dadi papan nglumpuké para imam, para Farisi lan para ulama lijané. Wong-wong mau paḍa ngrungu piwulangé Gusti Jésus, nanging enggoné ngrungokaké piwulangé mau wis kaḍasaran sengit lan geṭing. Enggoné paḍa nggeṭingi Gusti Jésus saja suwé saja banget, malah saupama wania, mesṭi Gusti Jésus wis ditjepèng lan disédani. Nanging wong-wong mau isih paḍa wedi marang wong golongan. Wong golongan katon enggoné paḍa asih lan sumujud marang Gusti Jésus, jèn Gusti Jésus saiki ditjepèng, mesṭiné bakal ndadèkaké gègèré wong akèh.

Para ulama iku mung paḍa njarèhaké atiné, pangutjapé wong-wong mau: „Disrantekaké tekan lebar rijaja! Dikena iwaké adja nganti buṭek banjuné!”

Nanging para ulama saben dina tansah paḍa rerembugan keprijé patrap lan rékané enggoné arep ningkes satruné. Bola-bali ana wong kongkonané para ulama marek ing ngarsane Gusti Jésus, nganggo pawadan arep njuwun priksa kaja patrapé murid njuwun priksa marang guruné, nanging sadjatiné arep masang kala djiret supaja oleha ḍaḍakan enggoné arep njepeng Gusti Jésus bandjur kaladèkaké marang ngareping pradata. Nanging Gusti Jésus wis uninga ing saolah-kriḍaning satru, mulané ḍawuh wangsulané tansah bisa gawe kedjoḍèrané wong-wong mau. Nanging marga saka kang mengkono mau, malah saja munḍak pangigit-igité para ulama marang Gusti Jésus. Lan iku mung muwuhi trenjuh ing galihé.

Para pangarepé bangsa Jahudi paḍa wangkot atiné lan ora gelem ngaku jèn Gusti Jésus iku Putrané Allah kang rawuhé perlu ngluwari djagad saka ing pamisésaning dosa, malah wong-wong mau tansah nindakaké réka-daja supaja saumat kabèh adja nganti paḍa duwé panganggep kang mengkono iku.

Jerusalèm, negara sutji, wekasané bakal nampik marang Sang Mesih, kang rawuhé wis wiwit djaman kuna dianti-anti déning umat Israèl lan kang pangwasané bisa gawé mongkoging atiné wong Israèl.

Iku mau kang ndjalari trenjuhing galihé Gusti Jésus.

Ing sawidjining dina Gusti Jésus ngandika: „Èh Jerusalèm, Jerusalèm, .... wis nganti ping pira enggonku arep nglumpukaké anak-anakmu, paḍa kaja babon enggoné nglumpukaké kuṭuké sangisoring swiwiné, mangka kowé paḍa lumuh!”

Mengkono uga Gusti Jésus ija wis tau ngandikakaké bab paukuman lan bilai kang bakal nempuh negara Jerusalèm, krana enggoné nampik marang Pandjenengané.

GUSTI Jésus nalika semono uga ngandikakaké bab apa kang bakal kelakon, mangka enggoné ngandika mengkono iku nganti bola-bali, temahan para sekabat paḍa duwé pangira jèn Gusti Jésus ora bakal djumeneng ratu ing Jerusalèm kaja sing dadi pangarep-arepé nalika wiwitan .... Sangsara lan bilai warna-warna bakal nempuh bangsa Israèl, malah para sekabat ḍéwé bakal ngalami nanḍang sangsara uga ....

Nanging wekasané para sekabat mau bakal kaparingan kamuljan, angger paḍa ngantepi kasetyané marang Guru lan Gustine. Ḍawuhé Gusti Jésus: „Sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku kang bakal kapitulungan rahaju.”

MUNGGUH negara Jerusalèm, keprijé bakal kadadéjané?

Ing sawidjiné dina nalika Gusti Jésus teḍak nilar padaleman sutji, sekabaté bandjur paḍa marek ngaturi ningali éndahing jejasané padaleman iku. Ing kono ḍawuhé Gusti Jésus: „Bésuk ing kéné bakal ora ana watu dilestarèkaké tumumpang ing watu, kang ora bakal didjugrugaké.”

Para sekabat paḍa kaget ngrungu pangandika mengkono iku. Apa padaleman sutji sing semono geḍéné lan sing kaéndahané ngasoraké keḍaton, apa padaleman sing katon bakuh lan santosa iku arep didjugrugaké? Apa sebabé?

Bareng wis ana ing sadjabané negara, ana ing gunung Zaitun, Gusti Jésus pinarak diaḍep para sekabat, kambi njawang marang Jerusalèm saka kadohan, ing kono Gusti Jésus bandjur ngandikakaké sangsara kang bakal nempuh negara Jerusalem dalah padalemané sutji. Bakal ana sabawa lan pawartaning perang, bakal ana bangsa nempuh marang paḍa bangsa lan kraton paḍa kraton, lan ing pirang-pirang panggonan bakal ana pailan, pageblug lan linḍu. Jerusalèm bakal katekan ing mungsuh, wong-wong sing paḍa manggon ing kono bakal paḍa ditumpes, lan nalika iku bakal ana sangsara geḍé, lan durung tau ana negara sing ngalami katempuh ing sangsara sing semono geḍéné.

Berkah peparingé Gusti Allah marang umat Israèl iku mawantu-wantu lan tanpa-wilangan akèhé, ngungkuli bangsa lija-lijané. Éwadéné bangsa Israèl tansah kurang narima. Lan ing wekasané Gusti Allah maringaké Putrané kang ontang-anting supaja ngolèhaké karahajon tumrap umat kagungané, éwadené bangsa mau nampik peparingé Allah sing