Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

***

HOSANNA! HOSANNA!

115

nengané, nanging ora ing sadjeroning uripé ana ing alam donja sing mung satjlérétan; pandjenengané bakal maringaké karahajon lan kamuljan mau ana ing djaman kalanggengan, jaiku ana ing swarga.

Nanging karana iku mau kabèh Pandjenengané kudu nglampahi nanḍang sangsara kang banget, nganti tumeka ing séda, lan enggoné séda bakal kaja patiné wong durdjana tjinampahan lan pinojokan déning wong akèh!

Gusti Jésus mireng rerasanané wong golongan, mirsa gambiraning atiné, djalaran paḍa kepéngin kaparingan kamuljan lan kaluhuran ing sadjeroning uripé ana ing alam donja .... Sarèhné mengkono kakarepané wong akèh, mulané saiki Pandjenengané arep nedahaké, jèn Pandjenengané iku sanjata djumeneng Ratu, nanging ora kaja sing dadi pangarep-arepé, dudu ratu kang ngasta dedamel samekta ing perang, nanging Ratuning katentreman.

Ing kono Gusti Jésus nimbali sekabaté loro kaḍawuhan mengkéné: „Paḍa menjanga ing désa ngarepmu kuwé, tumuli kowé bakal mrangguli kuldi wadon tjantjangan kanṭi belo, iku paḍa utjulana, nuli gawanen mréné beloné. Déné menawa ana kang ngaruh-aruhi kowé, bandjur tutura, jèn iku perlu kagem ing Gusti, dadi bakal digawakaké tumuli.” Sekabat mau bandjur paḍa lunga lan nglakoni ing sapiwelingé Gusti Jésus. Ing désa kang diparani wis ana kuldi ditjantjang lan beloné ana ing tjeḍaké. Bareng lagi diutjuli, kang duwé kuldi takon généja paḍa nglakoni mengkono, bandjur diwangsuli: „Iku perlu kagem ing Gusti!” Kang duwé kuldi mau mesṭiné kagolong mitrané Gusti Jésus, mulané kuldi wadon sabeloné bandjur digawakaké.

Bareng sekabat mau paḍa sowan manèh ing ngarsané Gusti Jésus lan bareng paḍa ngerti jèn Pandjenengané ngersakaké nitihi beloné — belo mau wis geḍé lan rosa, nanging durung tau ditunggangi ing wong — terus mlebet menjang ing negara Jerusalèm, .... wah, saiba bungahé wong-wong mau. Gusti Jésus adaté mung tindak ḍarat baé, nanging saiki ngersakaké nitih kuldi kajadéné ratu! Kuldiné bandjur énggal-énggal dilarabi djubah lan Gusti Jésus dilawani panitihé. Bareng wong golongan weruh Gusti Jésus wis pinarak ing gegering kuldi, bandjur paḍa surak mawurahan. Sasuwéné tindak, para murid paḍa djèrèng djubahé ing dedalan kang ditindaki lan ana kang ngeṭoki trubusing kekajon, digelar ana ing dalan, dadi dalané kaja-kaja digelari babut prangwedani. Wong golongan kang paḍa lumaku ing ngarep lan kang lumaku ing buri nguwuh-uwuh, wurahan pamudjiné marang Kangdjeng Nabi saka ing Nasarèt, kang djumeneng Sang Mesih, kang rawuhé bakal ngluwari umat kagungané! Pangutjapé wong golongan: „Hosanna kondjuk ing teḍakipun Dawud! Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, inggih Ratunipun Israèl! Hosanna wonten ing luhur!”

Pamudji lan surak mawurahan mau ora peḍot-peḍot ing sadalan-dalan nganti ngumanḍang adoh, malah nganti tekan ing sangareping gapurané Jerusalèm. Wong-wong sing wis ana ing djero negara, bareng ngrungu jèn Gusti Jésus diarak arep mlebu ing negara, bandjur paḍa metu meṭukaké tindaké, kambi paḍa surak-surak, uniné: „Binerkahana ingkang rawuh atas Asmanipun Pangéran, Ratunipun Israèl!”

Ana wong Farisi lan para ulama sawetara paḍa metu mbarengi wong golongan, nanging atiné paḍa nganḍut kuwatir bareng ngrungu surak lan pamudjiné wong golongan. Saiki saumat kabèh bakal kérut marang Rabbi saka Nasarèt, sing paḍa digeṭingi, mulané pada mundjuk marang Gusti Jésus: „Guru, para murid Sampéjan kadukanana, lan tijang golongan Sampéjan ḍawuhi kèndel! Udjaripun tijang-tijang punika rak dora ta? Sampéjan rak boten djumeneng Ratu?”

Nanging Gusti Jésus ajem baé galihé lan ḍawuh wangsulané: „Saupama wong iku paḍa menenga, watu-watu mesṭi paḍa nguwuh-uwuh!”

ARAK-arakané wong golongan sing paḍa bungah-bungah lakuné mbatjut munggah ing pèrèngané gunung Zaitun, saja suwé saja tjeḍak karo negara Jerusalèm .... Saka kadohan wis katon keṭap-keṭap témboké negara sutji, muwuhi gambiraning atiné wong golongan, papah kurma sing ana ing tangan diklèbèt-klèbètaké ésṭané uluk salam marang Jerusalèm, kuṭa kradjané tanah Israèl. Jerusalèm sing wis mataun-taun kapeṭatan ratu, saiki bakal karawuhan Ratuné klawan nitih kuldi lan kinurmatan ing umaté! Jerusalèm, negarané para leluhur lan pusering kawibawané Israèl! Wiwit saiki negara sing wis kuna iku bakal pulih anjar lan montjèr manèh! Mengkono pangangen-angené wong akèh!

Apa sing kelakon ing nalika iku wis kawetja déning nabi ing djaman kuna, mengkéné: „Bebungaha kang banget, hé putri ing Jerusalèm! Gijak-gijaka! Lah Ratunira ngrawuhi sira, Pandjenengané adil sarta mengku karahardjan, lembah ing galih, nitih kuldi, ija belo anaking kuldi!”

Mangka saiki sing kelakon iku tjotjog karo sing diḍawuhaké déning nabi ing djaman kuna. Nanging wong-wong mau paḍa kliru enggoné ndjarwani pametjané nabi mau!

Tjoba sawangen, sing katon ing satengahé wong golongan iku diarak lan dipunḍi-punḍi