Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

112

HOSANNA! HOSANNA!

***

kanggo wong miskin kabèh, nanging Judas ḍéwé ija bakal olèh-olèhan, awit adaté sok njeler sing dilebokaké ing kanṭongé. Mulané ḍawuhé Gusti Jésus marang Judas dirungu ing wong akèh, mengkéné: „Nengna baé ta wong wadon iki enggoné mbetjiki Aku. Wong miskin iku salawasé ana ing kowé, nanging anaku ing kowé ora salawasé. Wong wadon iku nindakaké ing sakadaré. Enggoné ndjebadi Aku iku minangka tjaḍangan ngarepaké dinané enggonku kakubur.”

Gusti Jésus banget rena ing galih mirsani tandangé Marjam, lan pangandikané marang wong lijané sing paḍa ana ing kono: „Ing endi-endia ana ing sadjagad kabèh panggawéné Marjam iki bakal katjaritakaké minangka pangéling-élingé.” Ing djaman sapungkuré lelakon mau tjarita bab katresnané Gusti Jésus bakal kagijaraké ing sadjagad kabèh, lan tjarita bab katresnané Marjam marang Gusti Jésus iku mesṭi bakal ora dilalèkaké.

ENGGONÉ paḍa kembulan ḍahar bandjur diterusaké. Marjam lan Judas paḍa mapan manèh ana ing médjané. Wong loro mau paḍa ngerti jèn Gusti Jésus wis ndungkap waktuné ngalami séda. Prakara mau ditjeṭakaké manèh déning Gusti pijambak sarana pangandikané: „Sebab enggoné ngesokaké lenga iki marang badanku, kanggo njamektani enggonku bakal kakubur.”

Dadi karo-karoné wis paḍa ngerti jèn Gusti mung kari seḍéla enggoné tetunggilan karo para murid ....

Déné Marjam kagawa saka tresnané marang Gusti Jésus mung tansah mrihatinaké Gusti Jésus enggoné arep nanḍang sangsara lan séda. Kosokbaliné Judas, sing tansah dadi gagasané mung awaké ḍéwé, déné gegajuhané tjaloné ora ketjekel. Gusti Jésus iku pirsa sadurungé kelakon, dadi apa sing dipangandikakaké iku njata lan mesṭi bakal kelakon temenan. Jèn wis njata Gusti Jésus bakal ngalami séda, apa gunané nḍèrèk wong sing wis tjepak patiné? Judas kepéngin nḍèrèk lan njuwita marang wong sing kena diandelaké, sing bisa maringi pangkat lan dradjat, apadéné kasugihan.

Sarèhné rumangsa gela banget atiné djalaran ora bakal ketekan kakarepané, mulané bandjur tuwuh geṭingé marang Gusti Jésus .... Saiki atiné wiwit ngrantam-rantam keprijé enggoné arep golèk pepulih sarèhné rumangsa wis digawé gela.

MUNGGUH Gusti Jésus pijambak keprijé? ....

Pandjenengané mirsa samubarang. Pandjenengané nguningani katresnané Marjam, lan ija ora kekilapan jèn Judas wiwit ngenḍem sengit.

HOSANNA! HOSANNA!

KATJARITA ésuké ing dina wiwitaning minggu, sapungkuré dina Sabbat, ana wong golongan geḍé buḍal saka ing désa Bètani ngener menjang ing Jerusalèm. Wong-wong mau kabèh paḍa arep nekani rijaja Paskah sing bakal diwiwiti ing dina Sabbat tjanḍaké. Gusti Jésus kaḍèrèkaké para sekabat ija tindak njarengi wong golongan.

Dadiné mung kurang sawetara dina ....

Wong golongan, mengkono uga para sekabat, wis nitjil ngrasakaké bungah sarta paḍa rerasan: „Kurang sawetara dina Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud lan mesṭi bakal nunḍung bala Rum saka ing wewengkon Israèl. Jèn Pandjenengané djumeneng Ratu, aku kabèh paḍa dadi wadyabalané. Pandjenengané iku Sang Mesih, kang bakal ngluwari saumat kabèh saka ing pangawulan, sarta mulihaké kaluhuran lan kawibawaning bangsa Israèl. Kurang sawetara dina ....”

Wong golongan sing wis luwih ḍisik tekan ing Jerusalèm, bareng ngrungu jèn Gusti Jésus tindaké wis tekan ing Bètani arep terus menjang ing Jerusalèm, akèh kang paḍa metu meṭukaké rawuhé. Kabèh paḍa nunggal panemu, jèn saiki wis tumeka ing waktuné Gusti Jésus djumeneng Ratu, pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud. Déné sing paḍa ora ngrudjuki panemu mengkono mau, kajata para ulama lan para imam, iku ora perlu dirèwès! Gusti Jésus kang djumeneng Sang Mesih, lan wis pantes jèn ija djumeneng Ratu!

GUSTI Jésus kang nguningani samubarang ija mirsa batiné wong akèh, lan apa sing diuningani iku ndjalari trenjuhing galihé. O, wong-wong mau paḍa ora ngerti, malah ora gelem ngerti, jèn Pandjenengané enggoné djumeneng Djuru Slamet lan Panebus iku kelakoné sarana nanḍang sangsara lan séda, jaiku sumurup enggoné njanggi sakèhing paukumané wong dosa, temah bisa ngrukunaké manusa karo Gusti Allah.

Satemené ora kliru panemuné wong akèh jèn Pandjenengané bakal djumeneng Ratu, éwasemono dudu Ratu kang pinarak ana ing ḍampar kapraboné Dawud: jèn Pandjenengané djumeneng Ratu, bakal pinarak ana ing tengene Allah Sang Rama ana ing swarga, apadéné bakal ngerèhaké djagad lan swarga.

Pandjenengané ija bakal unggul ing juda, nanging ora marga saka perang tanding karo bangsa Rum: Pandjenengané bakal ngasoraké Iblis, mungsuh kang linuwih kasektèné.

Malah Pandjenengané ija bakal maringi karahajon lan kamuljan marang sakèhé wong sing paḍa pratjaja lan tresna marang Pandje-