Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

WONG SIDJI DADI TAWUR KRANA WONG AKÈH

107

Watu tutuping kubur bandjur disingkiraké, guwa panggonan sumèlèhé kang mati menga, lan lajoné Lasarus isih gumléṭak ana ing kono, Gusti Jésus bandjur nguwuh klawan swara kang sora, ḍawuhé: „Lasarus, metua!” Sanalika kang mati tangi ndjenggèlèk, bandjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, rainé kaaweran ing katju. Lasarus wis pulih urip manèh. Swarané Gusti Jésus kang sora mau mengku pangwasa, nangèkaké Lasarus saka ing kubur. Wong-wong sing paḍa ndeleng lelakon mau, paḍa ndomblong kamitenggen, nanging ija kaworan bungah. Pangandikané Gusti Jésus: „Utjulana ulesé, kerebèn lunga.” Ulesé énggal diutjuli, Lasarus bandjur dipasrahaké marang Marjam lan Martha, dikanṭi lakuné alon-alon mulih menjang ing omahé, diuntapaké ing wong akèh. Sing mauné paḍa nanḍang prihatin marga saka patiné Lasarus saiki paḍa bungah-bungah marga Lasarus wis urip manèh. Wong Jahudi sing paḍa meruhi pandamelé Gusti Jésus iku mau, akèh kang mandjing pratjaja marang Pandjenengané, nganggep jèn Gusti Jésus iku kang sanjata djumeneng Sang Mesih, Putrané Allah. Kaélokan kang ditindakaké Gusti Jésus ana ing désa Bètani, seḍéla baé wis sumebar wartané menjang ing saindengé negara.

WONG SIDJI DADI TAWUR KRANA WONG AKÈH

PAWARTA bab kaélokané Gusti Jésus enggoné nangèkaké Lasarus saka ing antarené wong mati uga wis sumebar ing Jerusalèm. Nanging para pangarepé imam lan para Farisi paḍa mokalaké lelakon mau, udjaré: „Mokal, wong mati sing wis dikubur nganti patang dina suwéné, keprijé bisané urip manèh? Mustahil bisané kelakon!”

Pawarta mau tular-tumular njrambahi wong sanegara; akèh wong sing paḍa ngandel lan ngalembana pangwasa lan kaluwihané Gusti Jésus. Nanging tumrapé para imam pawarta mau mung memanas ati; wong-wong mau paḍa suṭik ngrungu bab pangwasa lan kaluwihané Gusti Jésus, paḍa dadi satru-ati lan ngenḍem sengit, djalaran Gusti Jésus kerep melèhaké kaluputané tanpa tèḍèng aling-aling, apa manèh Pandjenengané tansah sesrawungan karo para wong asor, wong mlarat, djuru mupu béja lan wong dosa lijané, lan kerep nerak wewaler dina Sabbat .... Mulané para imam nganggep Gusti Jésus iku guru apus-apusan.

Ewadéné wong golongan paḍa seneng ngrungokaké pangandikané lan paḍa martak-martakaké kaélokaning pandamelé Gusti Jésus, — lan suwé-suwé wong golongan mung mindeng nḍèrèkaké Gusti Jésus lan ngrungokaké sakéhé piwulangé, temah paḍa nglalèkaké anané para imam lan para ulama apadéné para ahli kitab lan para pangarepé wong Jahudi .... O, sing kaja mengkono iku adja pisan-pisan nganti kelakon! Guru apus-apusan iku adja nganti menang papan! Para imam lan para pangarep iku tetepa dadi panuntuning bangsa. Embuh keprijé tjarané, utawa sepira kangèlané, nanging sing djeneng Jésus iku kudu disingkiraké!

PRADATA agung ing Jerusalèm, Sanhédrin, paḍa nglumpuk marepat; sing paḍa nglumpuk jaiku para pangarepé imam, para Farisi, para ahli kitab lan para pinituwa, wong-wong iku mau kabèh paḍa njatru Gusti Jésus, kedjaba ana sidji loro sing paḍa dadi mitrané.

Sing paḍa dirembug jaiku lelakon sing mentas paḍa diseksèni ing wong akèh ana ing désa Bètani, lelakon sing ndjalari seriking atiné.

Enggoné paḍa rembugan mengkéné: „Pratingkah kula kadospundi, déné tijang punika damel pratanḍa kaṭah? Menawi kaudja makaten, mesṭi tijang sadaja sami pitados ḍateng pijambakipun, lan kula sami kawastanan ngadegaken ratu énggal, ladjeng sami kalurugan déning tijang Rum, sami ngrebat negari kula, dalah bangsa kula pisan. Prakawis punika sampun ngantos kelampahan; tangsuling pamitran kalijan bangsa Rum sampun ngantos peḍot. Sapunika punapa ingkang kedah sami kula tindakaken ingatasipun Jésus?”

Prakara mau ramé dirembug nganti dedreg, lan wekasané panunggalané salah sidji, nama Kajafas, kang djumeneng imam agung ing taun kang lumaku iku, bandjur ngandika: „Sampéjan teka boten ngertos punapa-punapa, sami boten manah bilih maédahi ḍateng sampéjan, menawi wonten tijang setunggal pedjah krana tijang kaṭah, sampun ngantos saumat tiwas sadaja.” Pangandikané iku mau jèn ditjeṭakaké mengkéné: „Punapa ta ingkang sami sampéjan kuwatosaken? Menawi Jésus punika dipun tjepeng, ladjeng dipun sirnakaken, daja pangaruhipun ḍateng tijang golongan sakeḍap kémawon rak tumunten sirna ugi .... Langkung prajogi wonten tijang satunggal ingkang dados tawur minangka sulihipun tijang kaṭah katimbang kalijan tijang kaṭah nanḍang sangsara namung krana tijang setunggal.” Pamrajogané imam agung mau dirudjuki déning rapaté Sanhédrin: Jésus kudu ditjekel lan disirnakaké. Wong sidji dadi sulihé wong akèh.

PANGANDIKANÉ imam agung Kajafas kang mengkono mau ḍasar njata lan benér, Gusti Jésus kudu nglampahi séda kanggo saumat kabèh. Rawuhé Gusti Jésus marang djagad pantjèn mengku sedya ngrembat lan