41.
Emper wetan ler kidul kinarya mijil,
tunggar dhaya kilyan,
(pojok kidul kilen)
puniku kinarya dhimpil,
sanesya siningget dadya.
42.
(5) Gangsal kamar gunggung (6) sad kalawan dhimpil,
sakidul pantyasa,
pasanggrahan wonten panti,
kampung ujurnya mracima. (mangilen)
43.
Myang siningget-singget puniku kinardi,
saneng pangratengan,
(panggenan ulah-ulah = ngratengi)
mangaler ajening panti,
wonten patamanira
44.
Mung pethetan sekar-sekaran mawarni,
dumunung ngajengnya,
myang kiduling pawon panti,
nihan mangkya kang winarta.
45.
Sajawining capuri wau Wedari,
parek pojokira,
capuri tawing wedari,
(pagering capuri pasanggrahan)
wonten wisma pasiraman.
46.
Mawa jedhing saking tembok saha mawi,
pancuran ajajar,
kangge pangangsoning janmi,
inginum sasaminira.
47.
Dene wau ing Slagaretna wedari,
myang udyana sekar,
sagung bekakas piranti,
suwung datan kasadhiyan.