Pamrihipun ing galih, pyayi estri kakipun pyambak dudu atasing Gupremen. Supados kang putra kitir, anak molah sayekti kapradhah, biyung katempuh. Jer dheweke kang nggegasah memarahi.
Pangeran Dipati byuh, alangkung wirang adamel srat dhateng Jim sing. Lajeng Tumameng ing tuwan residhen, langkung mangres manahipun. Enggal damel srat katur ing Tuwan Besar. Kaptin Jim Sing saya agelak nenajemi wewadul ing residhen, yen Kangjeng Sultan badhe mejahi pyambakipun. Tuwin dhateng kang rayi Pangeran Natakusuma sampun boten pesaja. Sanget nggenipun nyigeni, pundi kang raket kalayan Tuwan Jinenggaman langkung dipun gethingi.
Saking Kangjeng Sultan boten rujuk ing tuwanku, utawi pejahipun Peken Ageng, mila boten kalilan dhateng ing Peken Gadhing sadaya.
Residhen mireng, langkung nepsu. Mukane dadi getih. Enggal parentah kumendham ken ngetengi sadaya maryem ing loji. Sadaya prajurit Gupremen angati-ati, sebab yen Sultan sedya amrih ngukup kang rayi tuwin kadipaten, aja kenen. Inggal aku tulung pangeran. Jim Sing griyanipun jinagi prajurit Cipahi.
Tuwan Residhen lajeng kengkenan pengandelipun, nungsung wartos ing Pangeran Natakusuma. Aturipun Encik Amat, "Saking Kang tabe, kula kautus kang saudara anuwun priksa punapa Kangjeng Pangeran punapa sampun eca kang galih.
Kamireng saking loji, den angkah ing raka dalem Sinuhun. Kang punika, yen tamtu kaangkah enggala lapura dhateng loji, Pesthi prajurit Gupremen lajeng tetulung. Kalayan kagungan dalem arta kang teksih wonten ing loji, patedhanipun jendral rumiyin punika sampun la'mi dhatengipun.
Kalayan saking Tuwan Adam, sapunika ajrih njagi Nagari Surakarta. Ngraos boten kadugi, Tuwan Gope ingkang gentosi. Nagri Semawis tinilar Tuwan Garnam, ingkang njagi kawarti ing Gupremen ratu kalih sabyantu jangji sareng lebur ing prang.
Sabarang pamundhutipun Tuwan Besar ing Sala, Cakranagara pangulah putusan mantri nama Ranawijaya. Raden Sumadiningrat nyanggemi putusan. Kaji Brahim Kalayan mantri ketanggung mudhi sratipun Kangjeng Sultan. Dening pangolah. andel ipe
115