pengarah. Kayu mandira upamane menawa angendhih wit. Tekane saka sabrang iki solah tingkahe apa jenate ki patih Bobote, tikel sewu pamalese.
Katemu pirang prakara yen ora sedya malesi, wong wis nemu lara wirang”. Dhasare pyayi wegig, lembut sandine. Melas asih, mundhuk-mundhuk nggutuk watu. Yen lena mesthi jongorake. Kabeh sentanane Sinuhun, mung siji iku kang wani. Sabab apa, gendhinge kang raka kaduga anyembadani agal lembute. Prawara kadang kabeh rusak atine.
Sama Natakusuma, yen ginega ing Sinuhun darah Kedhu,
kuwat angrontog nagara. Kang dhingin dhi Rangga. Nuliki Lurah kang mati wong padha ngrusuhi jaman. Aja cacak iku maning, metu budine mesthi jagad dahuru. Ngilangake tingkahe wong andon mukti, Nagara Ngayogya kocar-kacir. Karo dene maneh, Kangjeng Sunan wus ngaturi penjawil adhi Brangtakusuma. Yen welas menyang Sinuhun, enggal matura". Wangsulanipun ajrih.
Raden Sumadiningrat nepsu, "Sapa wani matur, liya adhi. Sarta den sukani kapal sapirantosipun. Raden Brangtakusuma mongglok manahipun, purun matur. kangjeng Sultan ing galih glana mor mukswa. Panas prih kadi rinujid, kagol enggenipun amendhet sihipun kang rayi, lajeng makung. Amung kang putra Pangeran Dipati tinedha jroning semadi, cupeta. Semanten
Pangeran Dipati, saya sanget anggubel dhateng jim sing.
Nanging residhen taksih tengah-tengah. Kangjeng sultan tinodhi. Punapa kang tresna putus, yen sampun puwas miyosna pangandika, kados pundi kang karsa. Utawi, yen ingampun kang pulih dhateng putra, sampun ngantos angrewedi rembag.
Kangjeng Sultan tampining galih slingan. Tinarka Pangeran Dipati anyambat ngrogoh njajagi kang galih. Temah wangsulanipun basa cangkriman. "Biyen, mengko, kang sungadhang iya Dipati. Dene ala sapa wruh. Allah kang ngadili. Anak bisa golek bapa. Bapa bisa golek anak.”
Tuwan residhen boten mangertos, tinarka Kangjeng Sultan limut. Ingkang Sinuhun macut kang duka. Kang ibu Pangeran Dipati den betheki. Kang Ratu Kadhaton dadi lelaran. Pamrihi-