56.
Amempen neng Gadhingcala
pakewed kang dipun ungsi
tan kandheg gennya nyenjata
mantri lebet kandheg sami
lalare angubengi
pager bata enggenipun
wadya tarung senjata
mila kandheg pra prajurit
jroning bata Kumpeni asru nyenjata.
57.
Kanjeng Pangeran Dipatya
Arya amengku Negari
kandheg sak wadyabala
sabab panggenan Kumpeni
pakewed anulungi
mila wadya kandhegipun
sarta aturing bala
kang sepuh-sepuh ngaturi
milanipun boten lajeng dipun rangsang.
58.
Dadya kinepung kewala
kiwa tengen den obongi
nulya surup Sanghyang ngarka
Kanjeng Pangeran Dipati
mundur sawadya ngiring
mring Magari sandhingipun
prapta rerem mondhokan
pinggiring ngardi Magari
wong Magari kang nganeng Gadhingingcala.
59.
Ing dalunya los wus minggat
marang Ngayogya angungsi
amor Kumpeni akathah
sagung kang mantri jawi
kinen boyong ngawong dhusun
kang tumut ing Welanda
sarta kinen angrayahi
sawarnine kang wus tumut ing Welanda.
PNRI