Menyang kontèn

Kaca:Babad Kemalon (Pakunagara) I.pdf/309

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Sadaya datan winarna
    amung alereb sala tri
    enjing tedhak saking arga
    sumedya nglanggar Kumpeni
    kang bans bala Gadhing
    ingkang lumampah ing ngayun
    Janingrat Janapura
    sabalane wong Metawis
    lan Pangeran Dipati Anem neng ngarsa.

  2. Jeng Pangeran Dipatya
    Mangkunegara neng wingking
    lan sawadyabalanira
    lajeng denira lumaris
    dening bala Kumpeni
    Calagadhing enggenipun
    sareng mirsa tengara
    bala Kumpeni medali
    nulya campuh kang pangarsa Janapura.

  3. Kalawan Ki Jayaningrat
    sabalane campuhjurit
    tan adangu dennya yuda
    Jayapura wus kalindhih
    Jayaningrat Pangran Dipati
    Anem pan samya lumayu
    binujung ing Welanda
    kang raka taksih neng wingking
    Kanjeng Pangeran Dipati Mangkunegara.

    (89)
  4. Lajeng genira lelampah
    nulya kapethuk Kumpeni
    lajeng campuh lan Welanda
    mantri lebet ngamuk wani
    ingedrel ing Kumpeni
    tan kandheg pangamukipun
    Kumpeni dyan lumajar
    mantri lebet bujung jurit
    wong Kumpeni ngungsi ing jroning bata.

307