39.
Pan getihe kanca mami
dadi jebat kasturika
mati swarga ganjarane
Setewer asru manabda
gih kiyai kawula
apan boten milu-milu
lamun kaya karep dika.
40.
Pan wisuh kula kiyai
ananging mangsa bodhoa
nulya pamit sakancane
Setewer wus mundur sigra
saking Jenut punika
tan winarna praptanipun
kawarnaa Kyai Maja.
41.
Budhal saking Jenut nuli
wangsul dhateng Jahalanang
mangkana wau Sang Katong
apan lenggah aneng sela
ngajeng-ajeng Ki Maja
samana pan prapta sampun
lajeng sowan Sri Narendra
42.
Atanapi Pangran Behi
Pangran Ngabdulmajid ika
lan Basah Ngabdulkamite
Basah Kasanbesarika
myang Ngabdulmuhyi Basah
lan kang pratiwa nung-anung
Sri Narendra angandika.
43.
Paran ing lakunireki
Ki Maja matur niskara
langkung ngungun Sang Akatong
dangu apan tan ngandika
ri wus nulya atanya
marang kang paman Behika
Kaca:Babad Dipanegara ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat II.pdf/17
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi