tunggal lan gantri alit
lan kang samya nisthanipun
lamun neng pamondhokan
marmanipun ngalih-ngalih
yen wus bosen pasantren ngalih mring wana.
9.
Gunung jurang parang guwa
terkadhang urut pasisir
kalamun wulan Ramelan
ngujalat guwa kang sepi
Mangkana kang winarni
aneng song Kamal panuju
Seh Dulrabkim punika
lenggah peng jro guwasi
lingsir dalu cobaning Hyang nulya prapta,
10.
Kalangkung awarma-warna
coba ingkang andhatengi
Seh Negabdulrahkim samana
wus tan darbe tingal kalih
namung marang Hyang Widhi
coba wus musna sadarum
nulya ana kang prapta
jumeneng ngarsa nireki
janma priya cahyanya sawang purnama,
11.
Awasta Hyang Jatimulya
sayektinya Sunan Kali,
Seh Negabdulrahkim samana
seneng denira ningali
nulya ngandika aris;
‘Heh Ngabdulrahkim sireki
wus pinasthi Hyang Suksma
lamun sira iku benjing
dadi ratu ngerang-erang nuli musna.
12.
Samusnanya sang Pandhita
pungun-pungun Ngabdulrahkim