ake marang akoe dèning Ramakoe, lan ora ana wong kang soemoeroep marang kanjatahané kang Poetra, alija kang Rama, mangkono oega ora ana kang soemoeroep marang kenjatahané kang Rama, alija kang Potra, toewin sapa wongé kang djinatènan dening kang Poetra ing sasoeka lilané pijambak."
Namoeng alantaran Goesti Jésoes poetraning Allah ingkang sipat gesang, manoesa sagedipoen wanoeh malih kalijan Goesti Alllah. Tjeta ingkang kaseboet ing serat Jokanan 14 : 6.
,,Akoe iki (Goesti Jésoes) dalané, sarta djatié kaektèn lan kaoerippan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama manawa ora metoe ing aloe."
Poenapa pandjenenganipoen Mahatma Gandhi sampoen tepang kalijan Goesti Kistoes? Poenika koela boten mangertos
Poenapa para maos sampoen sami saged sesambetan kalijan Goesti Allah sarana pandonga medi ing margi waoe?
Wangsoelanipoen pitakèn-pitakèn waoe, mangga sami dipoen manah pijambaak?
II. Poenapa tegesipoen ndedonga poenika?
'n-Dedonga poenika njowanaken njawa aben adjeg kalijan ingkang Maha Soetji.
'n-Dedonga poenika inggih ateges sesambetan kalijan djagad enggal. Mila toemrapipoen tijang Krsiten abdi pepilihanipoen Sang Kristoes, ndedonga poenika setoenggaling bab ingkang wigatos. Onggih setoenggaling prekawis ingkang pinoendjoel pijambak.
Kaca:Bab Ndedonga.pdf/9
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi