Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 6 -

koela ngandel poenika soewaraning Pangéran. Sinten ingkang poeroen saged mireng swara poenika, angger sedija kados njedijakaken kanggé barang oetawi pandamelan sanés-sanésipoen."
Taksih katah malih kejakinan-kejakinan toemrap pangoengseding manoesa sagedipoen sesambetan malih kalijan Pangéran Allah.
Dené bab kejakinanipoen ingkang minoelja Mahatma Gandhi, ingkang ing semoe sampoen boten kénging pinaiben waoe, koela boten saged mestani jektos lan botenipoen. Koela tijang Kristen namoeng saged ngadjengaken pitaken ingkang gegajoetan kalijan kejakinan waoe makaten:
Poenapa saged manoesa sesambetan malih kalijan Goesti Allah manawi déreag njoemerepi marginipoen?
Tosan ingkang goemlétek ing siti poenapa saged moemboel pijambak, menawi boten jonten me wesibrani ingkang kijat narik manginggil?
Tangéh manoesa saged marek apitepangan malih kalijan Goesti Allah, menawi boten ketari manginggil déning Roh ingkang Maha Soetji, ingkang paring pitedah bab andaning Jakoep inggih poenika bab Goesti Jésoes.
Kalijan ringkes, sedaja panindak ingkang ngarah dateng kawiloedjengan langgeng, ingkang ngarah sagedipoen pinanggih lan Goesti Allah poenika mesti boten badé kadoemoegen menawi boten medal ing Goesti Kristoes. Awit mesti boten wonten ingkang saged wanoeh dateng Sang Rama kedjawi namoeng Sang Poetra.
Loekas 10 : 22. Jésoes toemoeli ngandika marang sakabaté: ,,5amoe-barang kabèh woes kapasrah-