Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 5 -

Malah Mahatma Gandhi tetoenggoeling ébah-ébahan ing tanah Hindoe, ingkang inggih nggatosaken dateng prakawis kabatosan, naté nglairaken kejakinan anggenipoen sesambetan kalijan Goesti Allah kirang langkoeng makaten!
……Prakawis ingkang sepisan, ingkang dados jangkrimaning ngakatah inggih poenika bab soewaraning Pangéran. Kanggénipoen koela soewaraning Pangéran poenika ateges swaraning pangangen-angen, swaraning kabatosan oetawi swara alit ingkang wonten ing kita; koela boten soemerep woedjoedipoen, koela inggih boten gadah krenteg badé soemerep woedjoed poenika, awit koela pitados bilih Pangéran poenika boten maoedjoed. Swara ingkang koela pireng poenika saking katebihan, nanging tjelak; kados swaraning satoenggaling manoesa ingkang tetéla tjarijos dateng koela. Swara poenika boten koela pireng salebeting pangimpèn. Sadèrèngipoen koela mireng swara poenika, koela nglampahi perang batos sanalika wonten swara ing batos koela. Sareng koela pirengaken koela saged nemtokaken manawi poenika soewaraning Pangéran. Perang batos ladjeng kèndel. Koela bingah sanget sarta roemaos seger. Koela pantjénipoen kepéngin sanget neksèni, manawi ingkang koela pireng waoe soewara dédé koemandang ingkang medal saking djoedjoeling pangangen-angen. Koela boten gadah boekti sanèsipoen ingkang kénging kanggé ngitalaken mangoe-mangoening tijang. Tijang ingkang mangoe-mangoe, kénging mastani manawi poenika zelfbedrog. Nanging koela jakin, sanadjan tijang sadjagad sami boten ngroedjoeki,