Mila bab lebet tjetèking pandonga, temen oetawi lamising pandonga, poenika ingkang saged mirsa namoeng ingkang Maha Wikan, ingkang saged njoemerepi inggih namoeng tijang ingkang ndedonga pijambak.
Mangga sami dipoen latjak, kados poendi
wigatosipoen tijang ndedonga poenika.
Margi şaking dosa, sesambetan ing antawising
manoesa kalijan Jehoewah Allah sampoen pedot, malah sampoen risak babar pisan.
Kawontenaning manoesa ladjeng prasasat woh-wohan ingkang ḍawah saking gantilanipoen.
Lir wit-witan ingkang kétjalan ojodipoen, inggih
kados anak ingkang kétjalan bapakipoen.
Manahipoen manoesa dados peteng ngantos boten saged ningali ḍateng kamoeljaning ingkang Maha Kawasa.
Damparing kaprabonipoen Jehoewah Allahi-den balatentara prasasat kaäling-alingan ing méga ingkang peteng nḍeḍet.
Sanadjan kawontenaning manoesa sampoen kados makaten, éwadéné kita sami soemerep, bilih manoesa meksa sami ngoedi sagedipoen pinanggih malih kalijan ingkang nitahaken djagad saisinipoen sadaja.
Prakawis poenika saged katitik wontenipoen tindaking agami warni - warni, kadosta: Agami Kristen, Islam, Boedha lan sanès-sanèsipoen, ingkang satoenggal lan satoenggalipoen boten saged tjotjog lampahipoen, anggènipoen sami ngarah sagedipoen sesambetan kalijan Goesti Allah. Ingkang satoenggal makaten, satoenggalipoen makaten.
Kaca:Bab Ndedonga.pdf/6
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
– 4 –