Kaca iki wis divalidasi
— 27 —
Para nènèman Kristen ! Kasagedan lan kakijatan ingkang mondjo peparingipoen Goesti Allah poenika poenapa sampoen sami kasaosaken wonten pamengkoening astanipoen ingkang Maha Kwasa kanti ndedonga lan saos soekoer ing Pandjenenganipoen.
Kaenéman pandjenengan, poenapa sampoen katjadangaken kanggé sedaja pendamel ingkang soemaos ing kaloehoeraning Goesti kita ?
Wasana damar mantjoeng, singa bagor, karangan poenika katjoepet semanten kémawon, mangsa boronga para maos !
Wahjoe. 3: 21.
Sing sapa oenggoel iku bakal Soen wenangaké loenggoeh satata kalawan Ingsoen ana ing ḍampar Ingsoen paḍa kaja Ingsoen sawoesé oenggoel ija bandjoer pinarak satata kalawan Ramaningsoen ana ing Damparé.