pinaringan kapinteran mondjo² poenika taksih kaṭah
sanget ingkang sami dèrèng saged njoemerepi oetawi ngroemaosi bilih kalangkoenganipoen poenika namoeng woedjoed peparing blaka.
Taksih katah sanget ingkang dèrèng poeroen djengkeng soedjoed ing ngarsaning Jehoewah, angatoeraken agenging panoewoen. Anggènipoen sami nglabeti tanah woetah rahipoen taksih sami ngandelaken ing daja kakijatan lan kapinteranipoen pijambak.
Poenapa kita boten roemaos kwadjiban soedjoed wonten ngarsaning Pangéran, ngatoeraken panoewoen déné Pandjenenganipoen sampoen karsa maringi tijang pinter pinten - pinten ?
Poenapa kita boten roemaos kwadjiban njenjoewoen soepados Goesti Allah kersa nimbali tijang - tijang pinter - pinter poenika dadosa abdi ingkang saged ngladosi bangsanipoen mitoeroet ing sapangrèh lan kersanipoen ingkang paring gesang? Soepados anggenipoen tinitah pinter poenika ndadosna ing kaloehoeraning Pangéran, saha ndjalari kawiloedjenganing badan njawanipoen sabangsanipoen. Sampoen ngantos namoeng kanggé pados kaloehoeraning badanipoen pijambak ingkang noentoen dateng panjenjamah asmanipoen Jehoewah saha boten mikantoeki poenapa-poenapa toemrap dateng bangsanipoen.
Kita para sepoeh Kristen ! Sampoen sami nindakaken kwadjiban poenapa ing salebeting pandonga ?
Poenapa sampoen sami saged nglenggahaken anggèn kita dados tijang sepoeh toemrap para poetra wajah lan bangsa kita?