Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
– 25 –

VII. Panoetoep.

Minangka panoetoeping katerangan - katerangan sewetawis poenika wonten pitakèn - pitaken toemoedjoe ḍateng kita sedaja.
Poenapa kita sampoen saged ndedonga?
Poenapa kita jektos asring ndedonga, dadosa wonten ing edengan oetawi ing pasingidan. Ing samangsa-mangsa ?
Poenapa pandonga kita sampoen saged medal saking bebrajatan, medal saking grédja, ngantos njrambahi ing sadjagad sedaja?
Poenapa anggèn kita ndedonga boten namoeng manawi panoedjoe kasoesahan lan kasangsaran kémawon ?
Poenapa kita sampoen naté ndongakaken pakabaran Indjil, ndongakaken para abdi oetoesanipoen Goesti bangsa kita pijambak oetawi bangsa sanès. Soepados anggènipoen sami nglampahiajahanipoen Goesti tansah kanṭi katresnan ingkang saloegoe?
Poenapa kita sampoen naté ndongakaken para pamaréntah soepados pangrèhipoen sageda njondongi karsaning Pangéran, saha sampoen ngantos dados alanganing pakabaran Indjil?
Ing djaman madjeng, djaman ébah - ébahan poenika, poenapa kita sampoen naté ndongakaken para pengandjoer kabangsan lan sanès-sanèsipoen, soepados sageda djoedjoer lampahipoen?
Kita tijang Kristen inggih sampoen samesṭinipoen mongkog ing manah, manawi njoemerepi para pangandjoer, para pinter bangsa kita.
Nanging kosok wangsoelipoen inggih roemaos gela, manawi ngèmoeti déné bangsa kita ingkang