ring toelaḍa, bilih manoesa inggih perloe njoewoen
redjekinipoen ing sadinten - dintenipoen. Perloenipoen soepados manoesa tansah kèmoetan dateng kaāpesan lan kabetahanipoen, saha tansah kadoenoengan kepéngin ngoengsi lan soeméndé dateng ingkang Maha koewaso paringpitoeloeng, inggih poenika ḍateng Goesti Allah.
Kadjawi saking poenika manoesa sampoen ngantos
kadoenoengan soemelang bab ingatasipoen kabetahan kadonjan kadosta: bab teḍa, bab sanḍang l. s. s. Nanging sami ngantos - antosa dateng kawelasanipoen Goesti Allah ingkang boten éwah gingsir.
Sedaja tijang ingkang njenjoewoen bab samoekawis betahipoen dateng Sang Rama poenika temtoenipoen moendjoek makaten :
Doeh Allah Rama kawoela, Toewan ingkang dados pangoengsèning gesang kawoela, kawoela namoeng goemantoeng ing sih Toewan. Kawoela inggih koemandel ing Toewan, bilih Toewan kersa melasi saha ngopeni dateng kawoela.
Dados isining pandonga poenika goenggoeng
kempalipoen masrahaken poenapa kabetahaning badan lan njawa kanți koemandel dateng Goesti Allah, ingkang ndjalari kaloehoeraning asmanipoen Pangéran saha kawiloedjenganing badan njawanipoen pijambak toewin sesaminipoen gesang.
Mila tijang ingkang tansah ndedonga kanṭi
temen-temen, poenika temtoe tansah katcewoehan bingah lan ajem ing salebeting pangrèhing Goesti. Amargi sami roemaos gaḍah andel-andel ingkang boten ngoetjiwani ing salebeting karoebedan, pakewed saha sawarnining panempoehipoen Sétan.
Kaca:Bab Ndedonga.pdf/26
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
– 24 –