kaloehoeraning Pangéran.
2. Njoewoen poenapa, ingkang dados kabetahaning badan lan njawa. Sarana pandonga piwoelangipoen Goesti Jésoes poenika sampoen tjeṭa, manawi bab kabetahaning
badan inggih perloe kasoewoen ing salebeting pandonganipoen tijang Kristen. Kadosta: bab teḍa,
sanḍang, pangaoeban, pirantos kanggé nindakaken
padamelan l. s. s. Mawi - mawi ingkang dados pangkat lan kwadjibanipoen. Sedaja poenika kénging kasoewoen ḍateng Sang Rama ing pandonganipoen tijang Kristen. Anggeripoen boten sarana patrap njolong oetawi slingkoeh saha patrap
ingkang boten barès. Nanging sarana njamboet damel oetawi sarana kamirahanipoen ingkang pantjen kwadjiban ngopèni badanipoen. Tegesipoen: njoewoen pitoeloeng lan njoewoen berkahipoen Goesti Allah, soepados sageda kadoemoegèn angsal ingkang dados kabetahaning badanipoen sarana anggenipoen njamboet damel pijambak. Déné ingkang boten saged njamboet damel, soepados sageda angsal kamirahanipoen ingkang kwadjiban waoe. Oepaminipoen: Tijang papa njenjoewoen ḍateng Goesti Allah, sageda tampi kamirahan saking ingkang soegih. Anak njenjoewoen, sageda dipoen
rimat ing tijang sepoehipoen ing samesṭinipoen l. s. s.
Dados sampoen sami nginten manawi ingkang kedah kasoewoen ing pandonga poenika namoeng barang kasoekman kémawon, nanging barang kadonjan kabetahaning badan salebetipoen taksih gesang wonten ing ndonja poenika inggih kedah kasoewoen. Goesti Jésoes pijambak sampoen pa-
Kaca:Bab Ndedonga.pdf/25
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
– 23 –