Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
– 22 –

VI. Bab isining pandonga.

Bab isining pandonganipoen tijang setoenggal-setoenggalipoen poenika boten saged dipoen patoki, awit sedaja isining pandonga poenika mitoeroet kabetahanipoen tijang pijambak-pijambak, poenapa lan sapinten ingkang baḍé kaätoeraken ḍateng Goesti Allah.
Nanging inggih wonten prekawis ingkang preloe dipoen singkiri ing salebeting ndedonga, oepaminipoen:
Njoewoen soepados anggènipoen lotré kaparingan menang.
Njoewoen soepados anggenipoen main kertoe menang.
Njoewoen soepados para tijang ingkang njatroe lan ngawon - awon ḍateng tijang Kristen, poenika katoempesa toemoenten l. s. s.
Éwasemanten sampoen ngantos klèntoe tampi, manawi sedaja ingkang kasoewoen déning tijang Kristen ing pandonga poenika namoeng prekawis kasoekman kémawon, barang kabetahan kadonjan ingkang preloe kanggé gesang loemados ing Goesti inggih preloe kasoewoen.
Pil. 4:6. Sabarang prakara kang kok karepaké, pada kaoeningakna marang Allah sarana pandonga lan panjoewoen kang kanți saos soekoer.
Goesti Jésoes, goeroe goestinipoen tijang Kristen sampoen paring toelaḍa ingkang sampoerna, kados poendi para pitados ing Pandjenenganipoen anggenipoen ndedonga. Inggih poenika bab donga Rama kawoela. Ingkang isinipoen kénging karingkes makaten:
1. Njoewoen poenapa, ingkang ndadosaken