ing sih piwelas poenika boten saged ngatoeraken genging panoewoen ḍateng Goesti Allah. Mila tijang Kristen wadjib ndedonga makili djagad anggènipoen ngatoeraken panoewoen.
Tijang Kristen sami kinarsakaken melèk njoemerepi bilih boten wonten ingkang langgeng kedjawi namoeng Goesti Allah pijambak. Kinarsakaken tansah njoemerepi jen gesangipoen poenika peparingipoen Pangéran, boten goemantoeng sinten - sinten.
Soepados sageda sami tansah nggoemoeni ḍateng badanipoen, sarana saos soekoer. Déné gesangipoen ingkang leresipoen nampèni paoekoemaning dosa, teka tinimbalan kadadosaken ahli warising gesang langgeng.
Jirm. 3:22. Moeng marga saka sih kawelasané
Jehoewah enggonkoe doeroeng pada toempes tapis, ija marga palimirmané tanpa wangenan.
Para maos! Gesang salebeting Kakristenan poenika gesang salebeting paperangan, inggih poenika perang nglawan dosa.
Gesang Kristen poenika kedah gesang boten manah badanipoen pijambak kemawon. Gesang Kristen poenika kedah gesang wonten salebeting katresnan.
Gesang Kristen poenika kedah gesang tansah kanṭi ndedonga asesrawoengan kalijan Goesti Allah kalijan lampahing gesang ingkang njentosakaken pitadosipoen, saha angoenḍangaken agenging sih palimirmanipoen Goesti Allah toewin agenging katresnanipoen Goesti Jésoes ḍateng badanipoen pijambak soemrambahipoen ḍateng para manoesa
sedaja.
Kaca:Bab Ndedonga.pdf/22
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
– 20 –