— 18 —
sedaja toeladanipoen Goesti Jésoes ingkang kaseboet wonten ing Kitab Soetji. Dados bab poenika pantjèn boten perloe dados rembag pandjang.
Bab papaning tijang Kristen ndedonga poenika mitoeroet dawoehipoen Goesti Jésoes ing Kitap Soetji makaten :
Jok. 4:21.... bakal ana wektoené nggonmoe pada soedjoed marang Sang Rama ora ana ing goenoeng iki, lan ora ana ing Jeroesalèm.
Matt. 6:5–6. Karodéné samasa kowé pada sembahjang, adja kaja para wong lamis. Djenèh ikoe pada ḍemen sembahjang adeg - adegan ana ing Mesdjid lan ing podjoké leloeroeng, pamoerihé soepaja katona ing wong. Satemené pitoetoerkoe ing kowé: ikoe woes paḍa tampa gandjarané. Balik kowé samasa sembahjang, loemeboea ing senṭonganmoe, sarta lawangé kantjingen. noeli ndedonga marang Ramakmoe ana ing pasingidan Mangka Ramakmoe kang ngoeningani sadjroning pasingidan, ikoe bakal malesaké marang kowé ana ing eḍèngan.
Ajat poenika boten ateges bilih Goesti netepaken papaning tijang ndedonga poenika kedah wonten ing pasingidan. Nanging kersanipoen paring dawoeh soepados tijang ndedonga poenika sampoen ngantos namoeng mélik aleming tijang kémawon. Déné bab papanipoen wonten ing poendi - poendi kénging kémawon, awit wonten ing saḍengah papan Goesti Allah inggih ngoeningani, sanadjan wonten ing sentong ingkang kinantjing rapet pisan.
Déné bab wektoening ndedonga Goesti inggih boten paring dawoeh kedah kaping pinten