Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 17 -


Ebah saha sikeping badanipoen inggih kedah mitoeroet atoeran ingkang tetep. Sarana ébahing badanipoen lan sarana pitemboenganipoen ingkang dipoen oetjapaken, tijang Moeslimin anggenipoen njembah saha ngatoeri hoermat dateng Goesti Allah. Inggih poenika ingkang dipoen wastani salat. Koewadjiban makaten poenika dipoen wastani igamat al-salat, tegesipoen: ngadekaken sembahjang gangsal wektoe:

  1. loehoer antawisipoen djam 12,15-3 sijang
  2. asar antawisipoen djam 3,30 615 sonten
  3. magrib antawisipoen djam 6,15-7 daloe
  4. isa antawisipoen djam 7,15 daloe-4 éndjing
  5. soeboeh antawisipoen djam 4, - 5 éndjing

Déné bab papanipoen, kedjawi wonten ing mesdjid, salat poenika inggih kénging dipoen lam pahi wonten ing papan sanès mitoeroet sapikadjengipoen tijang, oepaminipoen ing grija, ing margi, ing kebon, ing pinggir lèpèn l. s. s. anggeripoen mawi netepi pranataning salat samesţinipoen. Djalaran salat ingkang njoelajani ing pranatan ingkang sampoen katetepaken, poenika boten dipoen anggep absah Mitoeroet katerangan ing nginggil waoe tjeṭa manawi sembahjang tjara tijang Moeslimin poenika ateges: Ngatoeri hoermat dateng Goesti Allah mawi merlokaken ébahing badan lan mawi tetemboengan mitoeroet pranatan ingkang sampoen dipoen tetepaken.

Sapoenika kados poendi bab papan saha wektbenipoen tijang Kristen anggenipoen ndedonga?

Toemrapipoen tijang Kristen, bab papan lan wektoening ndedonga poenika temtoenipoen sampoen sami saged nitèni pijambak-pijambak dateng