Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-16-

pijambak.
Sarana ndedonga tijang Krsten saped masrahaken begdja, tjilaka, bingah soesah l.s.s. wonten ing narsaning Pangéran.
Sarana ndedonga tijang Kristen saped tansah éwa ḍateng badanipoen pijambak, ngesoraken manahipoen lan tansah ngloehoeraken asmaning Goestinipoen.
Sarana ndedonga tijang Kristen saped kadoenoengan tentrem lan ajem. Awit kadoenoengan pitados bilih sedaja pasambat panjoewoenipoen Goesti Allah kwasa ndjoeroengi.
Jok. 14:13. Déné apa kang bakal kok soewoen atas terang saka djenengkoe, ikoe mesti ndak leksanani.
IV. Bab papan saha wektoening ndedonga.
Ing boekoe ,,Agama Islam" djilidan ingkang kapin II karanganipoen padoeka toewan Dr. H Kraemer, pinanggih prekawis-prekawis ingkang nerangaken bab papan saha wektoening sembahjangipoen tijang Moeslimin. Sampoen kakinten manawi ing ngriki baḍé kaisènan bab poenika waoe sedaja, awit sanes bab poenika ingkang dados tlendjering karangan poenika. Ing ngriki namoeng baḍé meṭik sewetawis saking boekoe waoe, kapenḍet ingkang sekinten magepokan kalijan bab papan lan wektoening ndedonga. Kènginga kangge lelimpangan sewetawis.
Ing katja 10 wonten katerangan ingkang kirang langkoeng djawinipoen makaten꧇
,,Saben tijang Moeslimin sadintenipoen wadjib sembahjang kaping 5. Sembahjang poenika kedah dipoen lampahi meoeroet pranatan ingkang tetep.