Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
– 15 –

pikiran ingkang toemoedjoe ing Pangéran sepen. Woedjoedipoen wonten ing pamirsaning Jehoewah namoeng mbegegeg akempas-kempis tok. Mripatipoen merem boten soemerep barang-barang ing sakiwatengenipoen, nanging pikiranipoen kebak gegambaran mantja warni ingkang njimpangaken pandonganipoen saking margi ingkang teroes manginggil.
Rainipoen toemoengkoel ngetingalaken oermat lan asaripoen saha adjrih asihipoen dateng ingkang dipoen sowani, nanging batosipoen sepen ing anḍap asor.
Para maos poenapa wonten ingkang dèrèng naté nglampahi makaten poenika?
Pantjèn jektos ndedonga ing Pangéran poenika boten gampil. Mangka toemrap tijang Kristen kedah gesang kanţi ndedonga. Boten namoeng jèn pinoedjoe karibedan lan kasangsaran kémawon. Boten namoeng ing wekdal kaloebèran lan sakétja kémawon. Nanging salamipoon gesang tijang Kristen kedah tansah ndedonga lan ngadjeng-ngadjeng kanți pitados dateng gandjaran gesang langgeng ingkang sapoenikanipoen dèrèng sami dipoen raosaken. (1 Tess. 5:17 Adja pegat olèhmoe ndedonga).
Milanipoen kedah gesang makaten, djalaran pandonga poenika ingkang saged ngijataken kakijataning njawa saha mbangoen pitados.
Sarana ndedonga tijang Kristen saged saja raket gesangipoen kalijan Goesti Allah.
Sarana ndedonga tijang Kristen kedah tansah niti priksa manahipoen mblakakaken isèn-isèning manahipoen kados sapamirsaning Goesti Allah