Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
– 14 –

pitoeloeng dateng ingkang paring gesang.
Bab patrap lair ingkang kaseboet ing nginggil poenika pantjèn perloe, nanging manawi kapeksa kénging tinilar.
Ingkang langkoeng perloe malih ing salebeting ndedonga poenika, sedaja prakawis ingkang kaātceraken ing Pangéran.
Dados kalijan ringkes ndedonga poenika, sedaja ingkang wonten ing gesangipoen manoesa mèndel Katoer ing Goesti Allah.
Kawontenaning tijang ndedonga poenika, manawi kasawang ing lair pantjèn anggoedjengaken. Déné witjantenan pijambakan, boten ketingal ingkang dipoen adjak gineman lan boten kepireng swaraning tijang sanès ingkang mangsoeli.
Patrapipoen ingkang ketingal inggih boten angèl, awit namoeng merem l. s. s. Mangka ndedonga ingkang temen-temen poenika awratipoen ngoengkoeli tijang ndjoendjoeng barang ingkang langkoeng awrat. Djalaran salebeting ndedonga tijang prasasat merangi mengsah ingkang kijat inggih poenika sedaja pakaremaning daging.
Pandonganipoen tijang Kristen poenika asring nglèmprèh margi saking dajaning panggoḍanipoen sétan. Malah terkadang pikadjengipoen soedjoed wonten ing ngarsaning Pangéran, djeboel jektosipoen toemoengkoel soedjoed, teloek asrah bongkokan wonten ngadjenging mengsah inggih poenika Iblis.
Terkadang ngapoerantjang tanganipoen, toemoengkoel, merem, saking ndjawi (lairipoen) ketingal ngganteng, djeboel nglebetipoen boten nggepok babar pisan dateng soal ndedonga;