Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
– 13 –

III. Patrapipoen tijang ndedonga.

Saben agami anggadahi moga pijambak - pijambak. Toemrapipoen tijang Kristen ing djaman samangké limrahipoen sadèrèngipoen ndedonga sami ngapoerantjang; kadjengipoen kendel saking pandamelanipoen, kèndel pikiranipoen ingkang toemrap kadonjan. Sedaja kakijatan namoeng kaeneraken dateng Goesti Allah.
Merem, kadjengipoen soepados salebeting ndedonga sampoen ngantos tansah ginoda déning barang-barang ingkang ketingal.
Toemoengkoel kalijan linggih oetawi ngadeg kadjengipoen soepados mratelakaken manoesa anggènipoen teloek wonten ing ngarsanipoen Jehoewag Allah ingkang Maha Soetji.
Bab ngapoerantjang, merem lan sapanoenggilanipoen poenika jektosipoen namoeng prakawis lair ingkang gegajoetan kalijan soeba sita, ingkang gandeng kalijan raosing manahipoen tijang ingkang ndedonga, sapinten lan kados poendi anggènipoen mapanaken badanipoen wonten ing ngarsanipoen ingkang dipoen sowani. Sarèhning bab poenika namoeng tata lair, dados inggih kénging tinilar manawi pantjèn kapetek ing perloe.
Oepaminipoen tijang pinoedjoe sakit, boten saged tangi saking patilemanipoen, poenika inggih saged teroes ndedonga njoewoen kesarasan lan kakijatan l. s. s. kalijan tileman kemawon. Boten kok kedah ngentosi manawi sampoen saged tangi anggenipoen ndedonga.
Makaten oegi tijang ingkang mladjeng ngoengsekaken gesangipoen, ing salebetipoen mladjeng inggih saged tansah ndedonga njeboet njoewoen