Menyang kontèn

Kaca:Bab Ndedonga.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 11 -

nang nemtokaken bab angsal lan botenipoen toemrap sedaja panjoewoening para anakipoen.
Dados salebetipoen ndedonga tijang Kristen Kedah nggesangaken pangadjeng — adjengipoen. Angadjeng - adjeng kanti pitados ḍateng roementahing sih saha berkah ingkang saking nginggil, ingkang margi saking dajaning koerbanipoen Goesti Jésoes.
Jesaja 40 : 31. Para wong kang nganti - anti marang Jehoewah ikoe bakal oleh kakoewatan anjar.

c.Katresnan. Pangandikanipoen Rasoel Paul ing seratipoen ingkang dateng tijang Korinta makaten: Saoepama akoe bisa saroepan manoesa lan malaékat, mangka sepi ikoe akoe prasasat proenggoe koe ketjer goemendjléng ( I Kor. 13 : 1)
Tijang Kristen inggih perloe roemaos lan kelair makaten: Saoepama akoe temboengé manoesa lan malaékat, betah ndedonga lan seneng dedana lan lija - lijané, mangka sepi ing katresnan ikoe akoe prasasat mentjring oetawa ketjèr goemendjlèng. Oenggoel - onggoeling katresnan poenika tjeṭa wonten ing Goesti Jésoes anggènipoen nombokaken sarira soepados para kagoenganipoen, dalah para mengsahipoen, malah sedaja manoesa ingkang poeroen tineboes sageda angsal pangapoentening dosanipoen saking ingkang Rama.
Jok. 15: 13. Gedé-gedéning katresnan mangkéné: Manawa wong angetohaké njawane soepaja betjiking mitrané.
Tetinggalan katresnan ingkang ketinggal tjeṭa poenika wonten ing grédja.