boten ndedonga kemawon. Awit boten badé migoenani poenapa - poenapa pandonganipoen. Pandonga ingkang sepen ing pitados poenika, namoeng woedjoed pesambat lan panggloeroeh, ingkang sepen ing panglipoer.
Markoes 11:24.
Moelané pitoetoerkoe ing kowé: samoebarang
kang koksoewoen ing pandonga, pada ngandela
jèn kowé bakal keparingan, dadi mesți nekani
kowé.
b. Pangadjeng - adjeng.
Salebeting ndedonga, tijang Kristen sampoen ngantos ngedahaken oetawi meksa soepados sedaja
panjoewoenipoen oetawi pasambatipoen dipoen
djoeroengi toemoenten. Djalaran dèrèng temtoe
sedaja prakawis ingkang dipoen atoeraken poenika
njondongi ingkang dados kersaning Goesti Allah.
Dèrèng temtoe prakawis ingkang dipoen wastani saé lan prajogi déning manoesa, poenika inggih saé lan prajogi wonten ing ngarsaning Jehoewah. Tijang Kristen boten kénging oetawi boten wenang moetoeng manawi Goesti Allah boten toemoenten ndjoeroengi panjoewoen lan pasambatipoen. Nanging malah kedah ngladjenga- ken ingkang dados panjoewoen lan pasambatipoen kanţi pangadjeng - adjeng saha pitados.
Jehoewah ingkang mirsa samoekawis; Pan- djenenganipoen ingkang mirsa batosipoen manoe- sa, inggih mirsa ingkang dados kabetahanipoen manoesa, poenika ingkang kwasa nemtokaken kanţi patitis toemrap sedaja ingkang kasoewoen dening para pitados.
Kados bapa, poenika ingkang gadah wewe-