― 9 ―
C.Katresnan.
a. Pitados. saderengipoen tijang Kristen
ndedonga kedah pitados bilih ing Swarga djoe-
menengipoen Allah sang Rama ingkang boten badé
négakaken para kagoenganipoen. Temboeng pita-
dos ing ngriki boten namoeng ateges pitados jen
Goesti Allah poenika wonten, ananging inggih
ateges ngandelaken dateng pangwasaning Pangé-
ran, masrahaken sedaja kabetahanipoen dateng
Pandjenenganipoen.
Salebeting ndedonga tijang Kristen kedah pitados, bilih sesambetan ing antawising Goesti Allah kalijan manoesa ingkang sampoen risak poe- nika sampoen kadandosan ing sasampoernanipoen déning Goesti Jésoes.
Salebeting ndedonga tijang Kristen kedah pitados, bilih Goesti Jésoes kersa saha kwasa njowanaken para pepilihanipoen dateng ngarsaning Sang Rama.
Kedah pitados, bilih boten wonten sanèsipoen malih kedjawi namoeng Goesti Jésoes ingkang sembada dados pantawis lan djoeroe pirembag ing antawising manoesa kalijan Goesti Allah.
Pitados bilih dosa ingkang misahaken ma- noesa kalijan Goesti Allah sampoen lineboer sarana koerbanipoen Sang Kristoes.
Namoeng sarana pitados waoe, salebeting ndedonga njawanipoen tijang Kristen saged ndë- rèkaken Goestinipoen dateng ngarsaning Jehoewah Allah.
Manawi tijang dèrèng pitados, bilih sesambe- tan ing antawising Goesti Allah lan manoesa poenika sampoen poelih malih, langkoeng saé