Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

II. SIRAH.
  1. Pamérangé.
    Baloeng-baloeng sirah (tjoemploeng) kapérang dadi 2 golongan: baloeng-baloeng paṭak lan baloeng-baloeng rai.
  2. Paṭak.
    Baloeng-baloengé paṭak kang preloe disoemoeroepi: baloeng baṭoek, baloeng paṭak boeri, baloeng paṭak iringan kiwa-tengen, baloeng pilingan kiwa-tengen (ing djero ana piranti kanggo ngroengoe, jaikoe doemoenoeng ing baloeng parang). Wangoené baloeng-baloeng paṭak ikoe rada mlengkoeng koewoeng, pada geganḍéngan koekoeh, nganakaké djegoḍahan, isi oetek. Ḍasaring djegoḍahan maoe mawa bolongan tjilik-tjilik dalan tali-rasa lan otot-getih.
  3. Rai.
    Baloeng-baloengé kang preloe disoemoeroepi: baloeng wang ḍoewoer lan ngisor, baloeng-baloeng iroeng, baloeng-baloeng tjeṭak, baloeng pipi kiwa-tengen (mawa pérangan mlengkoeng), baloeng ajakan, baloeng loeh lan baloeng kedjèn (baloeng iki ing gambar ora katon; baloeng kedjèn minangka watesing bolongan iroeng kiwa lan tengen). Oentoe lan bam kang pada toemantjeb ing baloeng wang ija bangsané baloeng. Baloeng kanggo gondèlaning ilat aran baloeng ilat, ikoe ora gandeng karo baloeng lijané.
  4. Ganḍèngé baloeng-baloeng sirah.
    Baloeng-baloengé sirah ikoe pada geganḍéngan koekoeh santosa ora bisa obah. Moeng baloeng wang ngisor gaḍèngé karo baloeng-baloeng sirah bisa obah sațitik-satitik.

Kena ndemėk baji, emboen-emboenan adja nganti.