Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4

I. RAGANGAN.

1. Goenané.

Ragangan ikoe minangka pikoewating awak, kanggo ndjaga lan noetoepi pérangan-pérangan kang ringkih lan aloes (oetek, djantoeng, keboek) lan kanggo gondèlaning daging.

2. Pamérangé.

Baloeng-baloeng kang moedjoedaké ragangan kapérang dadi teloeng golongan, jaikoe: baloeng-baloeng ing sirah, gemboeng lan anggota.

3. Anggota doewoer.

Anggota kang doemoenoeng ing doewoer (lengen) awoedjoed : baloeng baoe, baloeng tangkis-djaba (kentjeng karo djempol), baloeng tangkis-djero (sipat karo djentik), baloeng-baloengé oegel-oegel (8), baloeng-baloenging èpèk-èpèk (5), baloeng-baloengé dridji 5 (goenggoeng ana 14 tengkel, marga djempol moeng ana baloengé 2 tengkel)¹).

Lengen gandeng karo gemboeng sarana gelangan poenḍak. Baloeng baoe ing poetjoek mbendol, ikoe trep ing legokan baloeng walikat. Ing saḍoewoeré panggonan gandenging baloeng loro ikoe ana baloengé manèh, woedjoedé mèmper koentji, moelané ija diarani baloeng koentji. Baloeng walikat kiwa-tengen lan baloeng koentji kiwa-tengen jèn dineleng saka ing doewoer katon kaja gelangan, moeng ing boeri ora gațoek. Gelangan maoe kaaranan gelangan-poendak.

4. Anggota ngisor.

Anggota ngisor (sikil) awoedjoed: baloeng poepoe, gandoe, baloeng gares, baloeng kémpol, baloeng-baloengé oegel-oegel-sikil (7), baloeng-baloenging dlamakan (5), baloeng-baloenging dridji-sikil 5 (goenggoeng ana 14 tengkel). Salah sidjining ba-loeng oegel-oegel-sikil oepama: baloeng toengkak.

Sikil gandeng karo gemboeng sarana gelangan-tjețik. Gandengé loewih santosa tinimbang lengen. Kang moedjoedaké gelangan-tjețik: baloeng sanggan-djerowan kiwa-tengen, baloeng wadi kiwa-tengen lan baloeng paloenggoehan kiwa-tengen. Gelangan-tjețik ikoe pantjèné ija ora temoe gelang, nanging ing boeri ana baloeng soemelap, jaikoe baloeng werit.

__________

1) Pénget. Pérang-pérangané gambar kang soemanding pada tjinirénan aksara wiwitaning temboeng-temboeng araning pérangan-pérangan maoe,