Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

36

ana ing iroeng disaring, apa tegesé? 11. Apa kowé bisa nerangaké: manawa kowé pinoedjoe pileg, panggandamoe soeda landepé! 12. Apa praboté piranti kanggo ndeleng? 13. Apa goenané sidji-sidjiné? 14. Boenderaning mripat ana boentelé teloe, aranana, lan tjritakna sidji-sidjiné! 15. Manik moendak amba, jèn ...., dadi tjijoet, manawa ...... 16. Klasoetan-djala ana pérangané „sing kerèn”. Apa tegesé? Lah pérangan sing „kalis” keprijé? 17. Banjoe kiter-kitering mripat lan soerjakanța apagoenané? 18. Manawa kowé ndeleng barang sing adoh, soerjakantaning mripatmoe kaprijé? 19. Ana sawenèhing wong jèn matja, boekoené ditjeḍakaké banget. Ikoe tanda jèn...... 20. Trekadang ana wong koedoe doewé tesmak warna loro (gelasé oetawa katjané warna loro). Apa kowé bisa nerangké? 21. Apa goenané godoh lan broemboengan-koeping? 22. Kendangan-koeping matesi apa? 23. Paneteling hawa ing djaban lan djeron koeping bisa timbang, sabab ...... 24. Djegoḍahan-tengahing koeping ana baloeng-pangroengoe teloe, aranana! Ikoe noendakaké swara saka endi tekan endi? 25. Apa pérangané,,panasaran?" 26. Ing ngendi doenoengé poengkasaning tali-rasa-pangroengoe. 27. Banjoe-pangroengoe ikoe apa? 28. Tjritaa: ana barang moeni mak dèr nganti keproengoe ing koepingmoe!