35
11. Apa pirantinė ambekan? 12. ngendi lan kaprijé lira- liroening gas loro. nurstot lan koolzur ? 13. Hawa saka djaba bisa mleboe ing keboek, lan hawa bisa metoe saka keboek ikoe marga apa? 14. Tjritakna: melar-mingkoesing djegodahan dada (iga lan kenḍangan-tengah)! 15. Iki terangna: ambekan koedoe metoe ing iroeng, mangan adja karo goeneman!
IX. Lakoening getih.
1. Ing ngendi panggonané djantoeng? Sapira gedéné? Minangka apané lakoening getih? Kaprijé pamérangé? Kagolong daging sing endi? 2. Otot-getih ikoe apa? Kapilah dadi pira? 3. Apa kowé ngreti, apa sababé, déné sentong-kiwaning djantoeng lan otot-getih kang metoe saka kono kandel déwé pageré? 4. Getih ikoe banjoené pirang %? 5. Apa pérangané lijané? 6. Gas apa kang tinemoe ing getih? Gas ikoe kamot ing apa? 7. Ing ngendi pabrikė pringkilan-abang? Lan ing ngendi pabrikė pringkilan-poetih? 8. Apa goenané pringkilan loro ikoe? 9. Apa tegesé getih „diresiki". 10. Apa mesti otot-mleboe isi getih „reged" otot-getih-metoe isi getih „resik"? 11. Gawéa tjengkorongan djantoeng lan otot-otot-getih, wènèhana panahan menjang endi lakoené getih. 12. Jèn kowé mentas mlajoe, kaprijé lakoening getihmoe, kaprijé ambekanmoe, kaprijé panasing awakmoe?
XI. Sarap-sarap.
1. Telenging sarap kena kapérang dadi loro manoet wewengkoné, jaikoe apa? 2. Oetek kapérang dadi pira? 3. Oetek karo soengsoem-oela-oela apa ana gandengé? Apa djenengé ? Ing ngendi? 4. Anané „obah" marga ana apa? 5. Saka daja-djaba toemama ing pérangané awak, oewong bandjoer bisa apa? 6. Apa pagawéané tali-rasa? 7. Ngaranana toelaḍa kang mboektèkaké „gandèngé" pentol-sarap karo oetek! 8. Ngaranana daging kang dadi wewengkoné oetek lan soengsoem-oela-oela! Oega kang winengkoe ing pentol-sarap. 9. Tjritakna „lakoené" daja-djaba lan préntah manawa sikilmoe kepidak!
XI. Pantjadrija.
1. Aranana pantjadrijamoe sapraboté ! 2. Pangrasa ikoe kena kanggo ngrasakaké roepa-roepa, oepamané apa? 3. Kaprije pamérangé koelit? 4. Apa kang tinemoe ing koelit-oemès ? 5. Lah ing waloelang? 6. Ing ngendi doenoengé pangenjam ? 7. Aranana goenané ilat! 8. Pangenjammoe „kerèn" endi, nalika dèk isih tjilik, apa saiki? (èlinga jèn kowé mangan lombok !). 9. Ing ngendi doenoengé poengkasaning tali-rasa pangganda? 10. Hawa