34
V. Daging.
1. Daging lan baloeng paḍa déné piranti kanggo ngobahaké. Apa bédané? 2. Bisa nganakaké obah ikoe saka apa? 3. Apa tegesé daging pasangan, apa tegesé daging lamban? 4. Tjritakna, kaprijé: makartiné daging pasangan? (nganggo toelaḍa). 5. Ngaranana toelaḍané daging warna loro ikoe! 6. Daging oega kena kapérang manèh dadi rong golongan. Kaprije terangé? Ngaranana toelaḍané! 7. Apa karepé olah-raga? 8. Anggoné ngolah sarana apa? 9. Pangolahé koedoe laras. Apa tegesé ikoe?
VI. Piranti-piranti ing djero.
1. Ing gemboeng ana djegoḍahan loro. Aranana! 2. Apa sing minangka let-leté? 3. Kaprijé wangoené let-let ikoe? Lan satemené bangsa apa? Dadi bisa apa? 4. Apa kang tinemoe ing djegoḍahan-ḍaḍa? 5. Apa sing tinemoe ing djegoḍahan weteng ? 6. Piranti-piranti ing djero ikoe endi sing kena ko-toedingi ing awakmoe, toedingana prenahé!
VII. Pangedjoeré pangan.
1. Kadjaba banjoe, pangan ikoe kang preloe ana teloe. Aranana !2. Ngaranana pangan kang akèh pérangané djasad teloe ikoe! 3. Vitamine ikoe apa ? 4. Sing akèh-akèh pangan ikoe kari sațițik vitamine-né. Apa sababé? 5. Pangan sing endi kang isih akèh vitamine-né? 6. Apa kang mratakaké sarining pangan? 7. Pangan ikoe bisané dadi sari koedoe dikapakaké? 8. Sarana pitoeloengané apa? 8. Apa goenané oentoe? 9. Oentoe-nom ikoe apa? 10. Lah oentoe-tetep? 11. Apa bédané? 12. Apa pérangané oentoe? 13. Lapisané ana warna pira? 14. Ing djero oentoe ikoe bolong. Bolongan iki panggonan apa? 15. Kaprijé anggoné mérang-mérang oentoe lan bam? 16. Klandjer ngetokaké apa? Kanggo apa? 17. Aranana klandjer-klandjer kang wis kosinaoe, iloené ngloeloehaké pangan sing endi! 18. Ing ngendi panggonané klandjer-klandjer maoe? 19. Tjritakna tjekak-aos: pangan wiwit diemplok nganti poengkasan (ngélingana iloe-iloe kang ngloeloehaké pangan, ing ngendi loeloehé l.s.p.).
VII. Ambekan.
1. Apa tegesé: ambekan? 2. Zuurstof ikoe kanggo apa? 3. Apa kang mratakaké zuurstof ? 4. Zuurstof ing hawa ana pirang %? 5. Panasing awaké wong sing koewarasan) ana pirang graad? 6. Kaprijé teka awak ndoewèni panas? 7. Apa „awoening” bong-bongan ing awak? 8. „Awoe” maoe ilangé katoet apa? 9. Ngetokaké napas (ngempos) katoetan banjoe. Apa kowé bisa njatakaké? 10. Panasing awak ana sing malih dadi apa?