Kaca iki wis divalidasi
32
c. Panasaran. Piranti ngroengoe kang doemoenoeng ing djero déwé (ing baloeng parang) woedjoedé pating tjlekoetek mbingoengaké, moelané diarani panasaran, ikoe empoek, aloes, ana baloengé sawatara, isi djasad tjoewèr. Panasaran ana pérangané: 1. èmpèr mawa lawangan londjong, 2. broemboengan teloe paḍa mlengkoeng, 3. omah kéjong. Pérangan teloe ikoe ing djero kebak prențilan poengkasaning tali-rasa-pangroengoe.
Djasad tjoewèr (banjoe pangroengoe) kang ngèbeki pérangan teloe maoe manawa obah kena keḍering hawa, bandjoer nggepok prențilan poengkasané tali-rasa-pangroengoe, toemoenda ing telenging sarap: wong ngroengoe.
_______
Endeg-enḍeg kang aran tjoerek,
Wadjib énggal-énggal binoesek.
Moeng baé dèn prajitna, ngati-ati,
_______