Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pandeleng (mripat).

a. Piranti kanggo ndeleng ana praboté warna loro: 1. boenderaning mripat, 2. daging-daging mripat, klandjer-klandjer loeh, tlapoekan, idep lan alis.

Daging-daging mripat kanggo ngobahaké boenderaning mripat (ngiwa-nengen, moenggah-moeḍoen, ngèntjèng-éntjèng).
Klandjer-klandjer loeh ngetokaké banjoe loeh, kanggo nelesi boenderaning mripat, ngresiki reregeding mripat. Tlapoekan saidepé kanggo ngreksa boenderaning mripat adja kongsi klebon rereged, apa déné kanggo njoeda kèhing sorot kang mleboe. Alis kanggo ngalang-alangi kringet adja ngant mili ing mripat.

b. Boenderaning mripat woedjoedé kaja kenèkeran bening, pinageran ing klasoetan sap teloe, saka djaba mendjero diarani: klasoetan poetih, klasoetan ireng, kasoetan-djala. Klasoetan-poetih woeled, ing ngarep nrawang, djenengé klasoetan-nrawang ndjalari katoné klasoetan-ireng ing sisih ngarep. Pérangané klasoetan-ireng kang katon iki roepané toemraping sidji-sidjiné wong (bangsa) ora paḍa ; ana sing ireng, abang, biroe, ireng semoe abang l.l.l Moelané pérangané klasoetan-ireng kang katon maoe diarani klasoetan-kloewoeng. Klasoetan-kloewoeng oetawa kasoetan-mantjawarna ikoe ing tengah ana bolongané tjilik boender, diarani manik, bisa melar oetawa mingkoes manoet saṭiṭik oetawa kèhing sorot kang mleboe. Klasoetan-djala roepané mémper djala, djalaran kebak tali-rasa pating kranteng. Ija ing kono ikoe doenoengé poengkasané tali-rasa mripat. Ana pérangané klasoetan-djala kang akèh banget poetjoeking tali-rasa. Ikoe pérangan kang „keren” ḍewé, tegesé: manawa wajangané barang kang dineleng toemiba ing kono, barang maoe katon ing satjeta-tjetane. Kosok baliné: ana pérangan kang „kalis” ing sorot, jaikoe ing panggonan loemeboené tali-rasa ing mripat. Ikoe ora kena kanggo ndeleng.

c. Banjoe kiṭer-kiṭer isining boenderané mripat. Boenderaning mripat ikoe kebak banjoe kiṭer-kiṭer nrawang. Boenderaning mripat ing sisih ngarep legok. Ing legokan kono ing samboeriné manik, ana djasad atos nrawang lan bening mémper beling, wangoené kaja ketjik, kapara trépés ing ngarep, mblenḍoek ing boeri djenengé soerjakanta. Soerjakanta lan banjos kiṭer-kiṭer