Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

26

XI. PANTJADRIJA.

Praboté pantjadrija.

Manoengsa kadoenoengan pantjadrija lelima: pangrasa, pangenjam, pangganda, pandeleng lan pangroengoe, mawa prabot ḍéwé-ḍéwé.

1. Pangrasa (koelit).

Sadjatiné pangrasa ikoe akéh pérangané: kanggo ngrasakaké aloes lan kasar (panggrajang), kanggo mbédakaké panas lan aḍem, kanggo ngrasakaké lara lan kepénak. Praboting panggrajang doemoenoeng ing koelit, praboting pangrasa-lara ing sarandoening awak.

Koelit ikoe kandelé ± 2½ mm, kapérang ḍadi loro: koelit-djaba (lapisan garing lan lapisan oemoés oega diarani koelit-ajam. Lapisan garing tansah ṭéṭél, lapisan oemoés ana boeboekané reroepan, marakaké koelité manoengsa warna-warna (ireng, abang, koening). Ing sadjroning waloelang ana: prentilan poengkasing tali-rasa, klandjer kringet, kantongan tandjebing woeloe, klandjer gadjih kanggo nglengani koelit lan woeloe, dalan kringet, otot-getih, daging kang mengkoe woeloe.

2. Pangejam (ilat}. Pangenjam doemoenoeng ing ilat. Ilat ikoe kebak printisan tjilik-tjilik panggonan poengkasané tali-rasa pangenjam, kanggo ngenjam rasaning pangan lan ombén: legi, pait, ketjoet, asin sapitoeroeté.

Ing gambar No. 21 anan pérangan-pérangan tjinirén aksara. Aksara h, i, k ikoe gambaré printisan pangejam, e, f, g, tali-rasa saka sarap.

Ilat ikoe kadjaba kanggo ngenjam, oega kanggo nggrajang atos-empoeking pangan, kanggo mrenahaké pangan, kanggo nglantaraké pangoeloené pangan, lan oega kanggo tjalaṭoe.

3. Pangganda (iroeng).

Bolonganing iroeng linapis ing koelit oemoés, doenoening prentilan poengkasané tali-rasa pangganda. Lanḍeping pangganda toemrap sidji-sidjining wong ora paḍa. Pangganda ikoe ménéhi sasmita bab gandaning pangan, ombén oetawa hawa kang bakal loemeboe ing awak. Koelit kang nglapis bolongan iroeng kaṭoekoelan ramboet kanggo njaring hawa (reregeding hawa kari ana ing ramboet ikoe, oega paḍa némplék kelét ing koelit oemoés lapisaning bolongan iroeng).


Nandoekaké pantjadrija, déb trawatja lan pramana.