24
1. Pakartining sarap-sarap.
Sakabehing pakarti ing sadjroné awaking manoengsa marga ana préntah saka sarap, oetawa marga ana daja saka ing djaba toemoenda tekan ing sarap. Tanpa préntahing sarap awaké manoengsa ora bakal bisa obah, tanpa daja-djaba kang toemama ing pérangané awak, manoengsa ora bakal bisa ngrasa (ndeleng, ngroengoe, ngrasakaké panas-adem, kasar-aloes, ngrasakaké legi-pait, apa déné ngamboe aroem-batjin).
Sarap oega minangka doenoenging pikiran lan kekarepan.
2. Telenging sarap.
Telenging sarap, jaikoe pérangan kang wigati déwé, ikoe woedjoed oetek lan soengsoem-oela-oela. Oetek kapérang dadi loro : oetek gedé lan oetek tjilik. Oetek gandéng karo soengsoem-oela-oela sarana pérangan kang diarani : bandjoeran-soengsoem-oela-oela, ikoe doemoenoeng ing bolongan gandéngé djegodahan-tjoemploeng lan broemboengan-oela-oela. Soengsoem-oela-oela ikoe atjawang ngiwa-nengen pirang-pirang. Pang-pangé iki woedjoedé kaja tali oetawa bolah, moelané diarani : tali-rasa, jaikoe tali kang kanggo noendakaké rasa (préntah lan daja-djaba kaseboet ing doewoer). Tali-rasa soemrambah ing awak sakodjoer.
3. Pentol-sarap.
Ing sakiwa-tengené baloeng oela-oela ana sarap, pating prentol gegandéngan, mawa tjawangan menjang djantoeng, wadoek, oesoes, klandjer. Oega ana tjawangané menjang soengsoem-oela-oela (lan oetek). Pentol-sarap ikoe pagawéané : mranata pakartining djantoeng, wadoek 1.1.1. tjekaké sakabéhing pérangan kang obahé ora winengkoe ing karep (élinga bab: daging).
Sanadjan sarap lan tali-rasa ora-winengkoe-karep iki pagawéané kena ingaran pisah karo oetek lan soengsoem-oela-oela, éwa samono isih ana kalané gegandéngan, oepama: weng kagét marga kroengoe, krasa oetawa weroeh barang kang agawé kageté maoe, keketegé djantoeng bandjoer owah (deg-degan). Ana manéh : wong weroeh, dikandani oetawa mamboe, mikir pangan kang énak, klandjer-idoe bandjoer ngetokaké idoe.
Gambar 18a. Manawa dridjimoe ketjepit krasa lara, dridjimoe bandjoer kotarik. Kadadéjané „obah” ikoe mangkéné: koelit(daging) kataman daja-djaba. Daja ikoe diparakaké menjang telenging sarap oeroet tali-rasa-pangrasa. Bareng telenging sarap ketekan daja maoe, bandjoer ngirimaké préntah menjang daging oeroet tali- rasa kang kanggo ngobahaké. Daging nampa préntah bandjoer mangkered (obah), tanganmoe (dridji sing ketjepit) noeli kotarik.
Tembako, inoeman-keras, tjandoe, gawé roesaking sarap doedoe². Moela satroe teloe dén besilat, tjikbén sarap sarap toeloes koewat.