Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

23

400PX
400PX
Gambar 17d. Katjapraksana.

Sing soemanding iki katjapraksana. Djenengé mantja: (mi-kroskoep). Goenané kanggo ndeleng barang-barang soepaja bisa katon gedé lan tjeta. Pérangané awoedjoed katja pirang-pirang lan boemboengan sawatara. Ing boewengan saantarané katjapraksana loro ikoe ana gambar semoet. Semoet kéwan sing tjilik kaé, manawa dideleng nganggo katjapraksana bandjoer bisa katon gedé banget.

Pérangané awake, oepama sikilé, jen dideleng loemrah waé, katoné ora ana apa-apané, nanging jen dideleng nganggo katjapraksana djeboel ana woeloené.

Banjoe ing gelas oega bisa nggeḍèkaké katoné barang.







50PX
50PX

Gambar 17c. Iki gambar soerjakanta mawa gelas teloė kang kena digaraké (dipisah-pisah). Gambar sing doewoer déwé noedoehakaké anggoné ndeleng semoet moeng nganggo katja sidji. Semoeté katon ora pati gedé. Gambar sing tengah noedoehaké anggoné ndeleng nganggo katja loro. Gambaré semoet katon loewih gedé. Sing ngisor déwé nganggo katja teloe pisan. Semoeté katon gedé banget.