18
1. Pakartining ambekan.
Pakartiné ambekan ikoe saèmper pangedjoeré pangan. Pangedjoeran-pangan ndadèkaké lemboeting pangan kongsi kena kaideraké getih menjang sarandoening awak. Ambekan „ndjoepoek” gas saka hawa. Gas iki djenengé: zuurstof = djasad pangobong. Zuurstof oega diwratakaké déning getih menjang sarandoening awak. Panasing awaké manoengsa manawa dioekoer ḍoewoeré koerang loewih 37°C. Anané panas marga saka barang kobong. Pawon dadi panas marga ing kono dibongi kajoe sarana pitoeloengané zuurstof. Awaking manoengsa dadi panas, marga ing kono ija ana kajoe (sarining pangan) kobong déning zuurstof. Bong-bongan ing pawon nganakaké awoe lan oewab-banjoe, déné bong-bongan ing awaking manoengsa nganakaké koolzuur lan oewab-banjoe. Panas kang metoe saka bong-bongan maoe malih dadi kekoewatan (Enḍas-enḍasan sepoer koewat nggèrèd grebongan poeloehan, manoengsa migoenakaké kekoewatané kanggo njamboet gawé).
2. Keboek.
Manoengsa ambekan sarana keboek. Keboek doemoenoeng ing djegodahan ḍaḍa. Leboené hawa liwat iroeng lan goeroeng teroes tekan keboek. Poetjoeking goeroeng doemoenoeng ing gorokan. Poengkasané goeroeng ngepang ngiwa lan nengen, andjog ing keboek. Pang loro maoe ngepang-ngepang manèh nganti dadi tjilik-tjilik, woedjoedé kaja torong, lemboet banget. Torong sing lemboet-lemboet iki kebak otot-getih loewih déning lemboet pating kranteng. Ija ing kono ikoe panggonané lira-liroening gas loro: zuurstof lan koolzuur. Zuurstof mrembes liwat pagering otot-getih andjog ing getih; koolzuur mrembes pagering otot-getih, metoe andjog ing torong teroes katoet wetoening napas.
3. Ngoendjal ambekan lan ngetokaké napas (njerot-ngempos)
Ambekan ikoe tegesé: nglebokaké zuurstof lan ngetokaké koolzuur (lan oewab-banjoe). Hawa bisa mlebбe saka melaré djegoḍahan ḍaḍa, hawa bisa metoe marga mingkoesé djegoḍahan ḍaḍa. Melaré djegoḍahan ḍaḍa djalaran saka trèpèsing kenḍangantengah lan oenggah apa déné adjoening iga. Déné mingkoesé, marga kenḍangan-tengah koewoeng manèh, igané moeḍoen lan moendoer. Melar-mingkoesing djegoḍahan-ḍaḍa ndjalari melar-mingkoesing keboek. Manawa djegoḍahan-ḍaḍa melar, hawa ing djeroné dadi loewih ngrokos, panetelé koerang tinimbang hawa ing djaba, moelané hawa-djaba bandjoer mleboe (njerot). Kosok baliné: manawa djegoḍahan-ḍaḍa mingkoes: hawa ing djero dadi loewih paḍet, panetelé loewih geḍé tinimbang hawa ing djaba, moelané hawa-djero bandjoer metoe (ngempos).