Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

16

VII. PANGEDJOERÉ PANGAN.

1. Pangan.

Pangan ikoe amot djasad warna-warna. Kang preloe ḍéwé: bangsa goela, poetihing-enḍog lan gadjih. Sing akéh bangsa goela tinemoe ing: beras, kenṭang, bangsa katjang, teboe, gedang, woh-wohan. Poetihing-enḍog ing: enḍog, daging, iwak loh, bangsa katjang. Gadjih ing: krambil, daging, mretéga. Pérangané pang kang diarani pitamine (djasad pangoeripan) preloe banget moenggoeh ing awaking manoengsa. Nanging pitamine maoe akéh sing wis ilang, marga pangan kagoḍog. Dadi pangan mentahan ikoe geḍé adjiné (woh-wohan ; idjon-idjon).

2. Apa preloené pangan koedoe didjoer.

Kang mratakaké pangan menjang sarandoening awak ikoe: getih. Soepaja sarining pangan kena kagawa getih, pangan koedoe didjoer ḍisik nganti lemboet banget. Bisané adjoer, loeloeh nganti lemboet banget maoe marga oléh pitoeloenganing djasad pangedjoer aroepa iloening klandjer roepa-roepa.

3. Ontoe.

Goenané oentoe (lan bam) kanggo mérang-mérang lan nglemboetaké pangan. Ing sakawit oentoené botjah diarani oentoe-enom, ing tembé sawisé poepak, ṭoekoel oentoené tetep. Oentoené wong diwasa ana 32, ing wang ḍoewoer 16, ing wang ngisor 16. Oentoené botjah moeng 20. Dadi oentoe-tetep karo oentoe-nom katjék 12. Katjék 12 ikoe doemoenoeng ing bam 3 x 4. Bam 12 iki ora poepak.

Bab oentoe sinaoenen saka gambar!

4. Klandjer.

Klandjer-idoengetokaké idoe mawa jijid kang bisa ngoeloehakébangsa goela.
Klandjer-waḍoek
idem
poetihing-enḍog.
Pancreas
idem
bangsa goela, poetihing-enḍog, lan gadjih.

Ati ngetokaké koewaha (katando ing remperoe) ngeloeloehaké gadjih. Klandjer-klandjer-oesoes ngetokaké idoe mawa jijid kang bisa ngeloeloehaké pangan teteloe maoe, jaikoe kang doeroeng loeloeh ing waḍoek.

5. Dalan Pangan.

Klandjer-klandjer maoe panggonané ana ing saoeroet lan satjeḍaking dalan pangan (tjangkem―oesoes). Pangan kang ora bisa loeloeh (ampas) teroes bablas ngliwati sadawaning pangedjoeran-pangan tekan poengkasané.


Mamah pangan kongsi lemboet, tjikbén dadi waras kenṭoeṭ.