Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14

PIRANTI-PIRANTI ING DJER0

1. Panggonané

Ing sadjroning gemboeng ana djegoḍahan loro, sing doemoenoeng in ḍoewoer diarani djegoḍahan ḍaḍa kang ngisor kaaranan djegoḍahan weteng. Djegoḍahan loro ikoe kaelet-eletan ing daging tipis mlenṭoe kaja baṭok kemoereb, djenengé kenḍangan-tengah.

2. Piranti-piranti ing sadjroning djegoḍahan ḍaḍa.

  1. Eled-eled
  2. Goeroeng.
  3. Djantoeng lan otot-otot getihé.
  4. Keboek.
  5. Kenḑangan-tengah.

3.Pirant-piranti ing sadjroning djegoḍahan weteng.

  1. Waḍoek.
  2. Ati, ana plenḍoengané tjilik isi koewaja oetawa remperoe
  3. Remperoe.
  4. Klandjer-idoe-weteng (djenengé mantja: pancreas)

pancreas).

  1. Oesoes-nom.
  2. Oesoes-toewa.
  3. Oesoes-boentoe, ana pérangané kaja tjatjing. (appendix).
  4. Appendix.
  5. Oesoes-poengkasan
  6. Impes (waḍah oejoeh).
  7. Limpa.

  Geger nḍegég nggampangaké lakoening ambekan,
  Weteng nglempét roemeksa tata-traping djerowan.