12
1. Goenané.
Daging ikoe piranti kanggo ngobahaké awak. Jèn mangkono daging ikoe doewé kekoewatan. Kekoewatan sing bisa ndjalari obah maoe marga saka pangkereding daging. Manawa ana daging mangkered, bandjoer ana obah. Sing obah baloengé. Moelané daging lan baloeng ikoe ingaran piranti kanggo ngobahaké; daging doewé kekoewatan déwé, baloeng ora.
2. Daging-pasangan lan daging-lamban.
Bisané nganakaké obah, manawa daging ikoe mangkered.
Sing akèh daging ikoe anané paḍa pepasangan, nanging daging pasangan ikoe kosok-balèn pakartiné: jén sidji mangkered, sidjiné ora. Jèn sing mangkered maoe wis ora makarti, jaikoe manawa arep bali manèh kaja ing maoené, daging pasangané kang maoené ora mangkered, saiki bandjoer makarti (mangkered) preloe mbalèkaké obah. nDelenga gambar No. 8. Ing baoe ana daging loro: manawa daging No. 1 ikoe mangkered, lengené bandjoer nekoek, déné manawa daging No. 2 saiki gentèn mangkered, lengené noeli bali kentjeng manèh.
Daging-pasangan ing awak sakodjoer ana 300 loewih, déné sing lamban moeng sațitik (daging djantoeng).
3. Pamérangé.
Daging-daging ing anggota, gemboeng l.s.p. obahé paḍa manoet kekarepan, moelané daging-daging kang mangkono ikoe diarani daging-kawengkoe-karep. Ana manèh daging kang pada obah déwé, ora manoet kekarepan. Ikoe karanan daging-ora-kawengkoe-karep (djantoeng, oesoes).
4. Oelah raga.
Toedjoening oelah raga ikoe: ngolah daging soepaja dadi santosa lan koewat, ngadjokaké kasarasaning awak. Anggoné ngolah, anggoné ngobahaké daging maoe, sarana nindakaké pangglaḍi warna-warna : oelah raga, dolanan roepa-roepa (kastie, bal-balan, gobag, tjoe, l.s.p.) mlakoe-adoh, langèn lan lija-lijané. Nanging koedoe tansah ana sing noentoen, adja kongsi kliwat wates. Panggladiné koedoe laras, tegesé: tjoendoek karo kaanané awak, oemoer, hawa, wajah, papan lan lija-lijané.
Larasing pangglaḍi, noewoehaké otot kawąt baloeng wesi.